Abu'l-Hasan Mihyar al-Daylami (mati taun 1037) ya iku pujangga basa Arab saka Daylamite nalika periode Buyid.[1] Puisi-puisi Mihyar didominasi metafor lan dhèwèké uga nulis ing jènre warna-warna, salah sawijining jènre ya iku ghazal,[2] Dhéwéké uga nulis elegi kanggo Ali lan Husayn ibn Ali.[2]
Sadurungé, Mihyar nganut Zoroastrianisme (majusi) nanging sabanjuré dhèwèké dadi mualap Shia Islam mèlu guruné sing padha-padha pujangga.[1][2][3][4] Ibn Khallikan ngomong yèn Mihyar disendhu sawiji kenalan krana nyempad sakabat NabiMuhammad.[1]
Ibu Khallikan, sing kandha yèn karya-karyané Mihyar akèh cacahé nganti ana patang volume, duwé panemu yèn tulisané Mihyar "macak alusing budi lan gunging pamikir."[1] Nanging, gagrag puisi Mihyar dianggep "palsu lan mung turunan."[2]