Perancang | Dominik Schürmann[1] |
---|---|
Pangembang | mrRobinson (mantan); PerfectSlayer (saiki) |
Versi rilis terbaru | 5.12.1 / 14 Mèi 2022[2] |
Sistem operasi | Android 8 lan sabanjuré |
Ukuran gambar | 13.5 MB |
Lisènsi | GPLv3[3] |
Situs web | adaway |
AdAway yaiku aplikasi pamenggak pariwara mardika lan sumber binuka kanggo sistem operasi Android kanthi migunakaké barkas hosts.[4][5]
AdAway digawé Dominik Schürmann ing Juni 2011 kang sapréné dirembakakaké pamrogram liya.[1] Ing 2013, AdAway dibusak saka Google Play Store bebarengan karo aplikasi pamenggak pariwara liyané.[6][7] Sapréné AdAway sumedhiya ing F-Droid.[8]
AdAway menggak pariwara kanthi migunakaké barkas hosts komputer kang kaimpun saka manéka sumber nuli digabung dadi siji barkas. Naragunané bisa nambah whitelist utawa blacklist dhomain tartamtu. Kajaba iku, ana pilihan kanggo nyathet panjalukan DNS kanggo mitulungi naraguna nggolèki whitelist utawa blacklist dhomain.[9][5] AdAway mbutuhaké aksès root amerga barkas hosts ana ing jeroning partisi sistem.[4][10]
AdAway is an open source ad blocker for Android using the hosts file, and needs “root” access. It modifies the hosts file located in “/system/etc/hosts” to loop back the traffic with advertiser’s domain to the localhost thus blocking the advertisement.