Anggrèk merpati

Anggrèk Merpati
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Asparagales
Famili: Orchidaceae
Génus: Dendrobium
Spésies: D. crumenatum
Jeneng binomial
Dendrobium crumenatum

Anggrèk merpati utawa Dendrobium crumenatum kalebu jinising anggrèk kang gampang ditandur.[1] Kajaba iku, anggrèk merpati uga nduwé kembang kang gedhéné warna-warna.[1] Kang mbédakaké anggrék merpati karo anggrèk-anggrèk liyané ya iku wernané putih lan ambuné kang wangi.[1]

Nalika wayah ngembang, anggrèk merpati bakal mekrok bareng, nanging kembangé mung bisa mekrok sadina.[1] Nadyan ngono, anggrèk merpati bisa urip ing panggonan kang panas lan rikat nukulaké anakan. Oyot lan godhongé uga rikat banget thukul.[1] Dendrobium crumenatum kalebu Orchidaceae.[2]

Habitat

[besut | besut sumber]

Anggrèk merpati kalebu tuwuhan tropis.[2] Tuwuhan iki akèh urip ing Kalimantan, Malaysia, lan Singapura.[2] Anggrèk iki lumrahé urip némplék in wit-witan ing alas tropis.[2] Nagara Malaysia mligi ing tlatah Perak lan Pahang, anggrèk merpati dadi simbol kapitayan, malah-malah anggrèk iki dipasang ing lawang. Ancasé kanggo nangkal sétan kang arep lumebu ing njero omah.[2]

Anggrèk merpati uripé ana kang némplèk ing wit, ana uga kang urip ing dhuwur lemah kang subur.[3] Sanajan nemplék ing wit, anggrèk dudu tuwuhan parasit, nanging anggrèk merpati ora gawé rugi tuwuhan kang ditémplèki.[3] Kanggo urip, anggrèk mung cukup éntuk banyu lan zat-zat kang némplèk ing wit.[3] Zat-zat mau kagawa angin banjur pada némplèk ing wit-witan.[3]

Kalebu Épifit

[besut | besut sumber]

Anggrèk merpati bisa urip kanthi némplék ing wit utawa bisa urip ing lemah subur.[3] Yèn anggrék urip némplék ing wit liyané anggrèk merpati ora nyesep sari nutrisi saka wit kang ditémpléki, nanging anggrèk merpati nduwé zat hijau daun kang aran klorofil, saéngga anggrèk merpati bisa nggawé lan masak nutrisi dhéwé.[3] Kang kaya mengkené iki diarani tuwuhan epifit dudu tuwuhan parasit.[3] Yèn tuwuhan parasit kaya ta kemplandhéyan, saliyané némplék uga nyesep nutrisi saka wit kang ditémplékki.[3]

Obat Kanker Otak

[besut | besut sumber]
Anggrèk merpati, putih memplak, merak ati

Saliyané kanggo tuwuhan hias kang ambuné wangi lan wernané kang nengsemaké, anggrèk merpati uga bisa kanggo tamba kanker polo.[4]

Carané:

  1. kembang, wit, lan oyot anggrèk merpati dikumbah nganti resik.[5]
  2. sawisé dikumbah banjur dijur kanthi cara diuleg ing tumpang utawa lémpér.[5]
  3. campur wit alang-alang, kembang, lan oyot anggrèk merpati kang wis alus, ulèni nganggo 100 cc banyu putih kang wis mateng.[5]
  4. peres lan diombé sariné, sari anggrék merpati iki bêciké diombé sedina sapisan.[5]

Nandur lan Ngrumati

[besut | besut sumber]

Anggrèk kalebu tuwuhan kang mbutuhaké katlaténan lan kaprigelan anggoné nandur lan ngrumati.[6] Mengkono uga Dendrobium crumenatum (Anggrèk merpati), nanging anggrèk merpati kalebu kang luwih gampang anggoné ngrumati tinimbang anggrèk-anggrèk liyané, kaya ta anggrék tebu kang jeneng latiné Grammatophylum speciosum.

Anggrèk merpati kanthi gampang bisa dibedhol saka empolé.[6] Carané nandur ya iku pilihen gagang anggrèk kang ukurané gedhé cacahé loro, yèn cilik cacahé telu.[7] Gagang kang ngisor dhéwé dibuntel nganggo sépet kang wis dhitelesi.[7] Sawisé iku banjur ditandur ing jero pot kang wis diisèni prongkalan areng.[7] Banjur disèlèhaké ing panggonan kang adem kurang luwih 2-3 minggu, nganti oyoté thukul rada kuwat.[7] Pindah bibit anggrèk merpati ing panggonan kang luwih panas.[7] Sawisé iku, banjur tetep dirumati kanthi dijaga kadar banyuné lan kadangkala dipépé.[7] Yèn wis akèh pang-pang cilik kang wis pada trubus, mesti anggrèk uga rikat ngembang.[7] Ora usah ngentèni suwé, kembang-kembang putih memplak iku bakal rikat mekar lan ngetokaké ganda kang arum.[7] Ganda arum saka kembang anggrèk awarna putih iki bisa tetep ngganda nganti rong dina sanajan kembangé wis rada alum.[2]

durung mekar

Ben Ngembang

[besut | besut sumber]

Anggrèk merpati lumrahé bisa urip gemantung ing wit-witan.[8] Ganda arum saka anggrèk merpati iki bisa kanggo térapi kaséhatan.[8] Anggrek merpati bisa ngembang yèn umuré wis tuwa, kira-kira wis duwé 5-6 bonggol utawa umbi, lan ing pucuk bonggol wis ana thukulan pang kanggo gagang kembang.[8]

Kembang putih lan wangi iki bisa ngembang yèn suhu udarané malih kanthi ndadak kira-kira 3-8 drajat Cèlsius.[8] Yèn suhuné medhun kurang luwih 3-8 drajat Cèlsius, anggrèk merpati iki bakal terangsang ngembang, telung minggu sawisé iku, anggrèk merpati banjur nukulaké kuncup kembang kang siyap mekar.[8] Anggrèk merpati bisa ngembang kanthi bareng ing sawijiné tlatah amarga owah-owahan suhu kadadéan bareng ing sawijiné tlatah.[8] Medhuné suhu udara amarga curah hujan kang uga medhun serempak ing sawijiné tlatah.[8] Nanging yèn mung ngendelaké owahé cuaca kanggo ngrangsang anggrèk merpati bèn ngembang, mesthiné kudu ngenténi suwé kanggo nyawang kaéndahan lan ngganda arumé anggrèk merpati.[8]

Ana cara kanggo nggawé kembang iki ngembang.[8] Carané yèn lagi panas-panasé srengéngé ing wayah awan, bonggol anggrèk merpati kang wis nduwé pang-pang cilik kanggo gagang kembang banjur digembyor karo banyu ès.[8] Kanthi cara mangkono mau anggrèk merpati bakal ngembang 3 minggu sawisé iku, lan bakal mekar, seminggu manèh.[8] Kanthi cara iki ngembangé anggrèk merpati bisa diatur, umpamané pas wayah riyaya Idul Fitri, ulang taun, lan liya-liyané, carané mung kari ngétung 4 minggu sadurungé dina kang diarep-arepaké supaya anggrèk merpatiné mekar.[8]

Bisnis Anggrèk Merpati

[besut | besut sumber]

Anggrèk akèh ditandur wong kanggo kasenengan utawa kanggo ngasilaké dhuwit.[3] Akèh-akèhé anggrèk ditandur mung kanggo hobi utawa kasenengan waé.[3] Nanging kang kaya ngono mau uga ora nggumunaké, amarga anggrèk pancén nduwé kaéndahan kang ngedab-édabi.[3] Anggrèk uga bisa nggawé ruangan katon èlit. Anggrèk nduwé kaéndahan kang manggon ing wujud lan wernané kembang.[3]

Usaha kanggo ngrembakaké tuwuhan hias iki terus ngrembaka.[9] Regané anggrèk uga mundhak dina saya larang, amarga saya akèh wong kang seneng utawa hobi nandur lan ngolèksi anggrèk, saliyané iku uga akèh wong kang seneng nandur anggrèk ing latar utawa témbok-témbok omahé.[9] Usaha utawa bisnis anggrèk ora tau sepi.[9] Kajaba iku, bisnis anggrèk uga ora usuman, nanging terus ngrembaka ora ngenal wayah.[9]

Bisnis anggrèk iki ora kaya bisnis kembang utawa tuwuhan hias liyané, upamané gelombang cinta, èuphorbia, kang saya suwé saya murah regané.[9] Sanajan ora ''booming'' nanging bisnis anggrék iki tetep terus urip sawayah-wayah.[9] Anggrèk kalebu uga anggrèk merpati nduwéni peluang gedhé kanggo bisnis lan bisnis iki ora bakal mati lan terus ngrembaka.[9]

Kang ndadèkaké anggrèk tetep langgeng ya iku.[9]

  1. Kolèktor utawa wong kang seneng nandur lan ngrumati anggrèk cacahé lumayan akèh lan bakal ngrembaka terus.[9] Kang sênêng anggrèk lumrahé para wadon lan ibu-ibu.[9] Amarga para wadon akèh-akéhé pada seneng kembang.[9] Amarga anggrek merpati ngrumatiné gampang mula akèh para wadon kang seneng nandur anggrèk iki.[9]
  2. Regané anggrèk merpati kagolong murah tinimbang tuwuhan hias liyané.[9] Kang ngoléksi anggrèk merpati ora mung wong kang sugih nanging wong kang ekonominé menengah uga seneng lan bisa nandur lan ngoléksi anggrèk merpati iki.[9]
  3. Anggrèk merpati nduwéni variasi kang warna-warna.[9]Téknologi hibrida lan bibit kang nduwéni kualitas apik, bakal ngasilaké anggrèk-anggrèk kanthi kembang kang éndah lan nduwéni akèh ''variasi''.[9] Kajaba iku anggrèk kang thukul uga ora gampang keserang ama lan lelara tuwuhan.[9] Iki ndadékaké para koléktor anggrèk sang saya gampang milih anggrèk kang disenengi.[9]
  4. Anggrèk merpati bisa urip ing akèh nggon.[9] Anggrèk merpati bisa urip ing akèh nggon. Kaya ta ing dataran tinggi, ''dhataran cendhèk'', anggrèk merpati iki bisa urip.[9]
  5. Anggrèk nduwéni asosiasi lan organisasi.[9] Kanthi asosiasi lan organisasi kang kuwat, bisnis anggrék mligi anggrèk merpati bisa nyebar ing akèh kalangan warga.[9] Asosiasi lan organisasi iki ancasé kanggo ngontrol rega anggrèk.[9] Kajaba iku uga akèh kontés lan ''paméran'' anggrèk kanggo ngramékaké lan maméraké bisnis anggrèk merpati.[9]

Nengkaraké

[besut | besut sumber]

Anggrèk merpati bisa ditengkaraké utawa digawé anakan.[3] Akèh cara kanggo nengkaraké anggrék.[3]

Belahan Rumpun

[besut | besut sumber]

Carané bonggol utawa rumpun ing bonggolan wit anggrèk dikethok sagrombol-sagrombol. Saben sagrombol isiné ana 3-4 wit anggrèk kang ana oyoté.[3]

Stèk Batang

[besut | besut sumber]

Wit anggrèk dikethok nganggo gunting.[3] Wit kang dikethok kudu wit kang ana oyoté, amarga oyot iki mau kang ndadékaké urip.[3] Wit kang distèk ditandur ing lemah.[3] Kajaba iku bisa ditandur ing rabuk kang dicampur bledhegan.[3] Kajaba iku stèk anggrèk merpati iki bisa ditandur ing rabuk kang kacampur karo sampah godhong rambutan.[3] Supaya gagangé ngadég, bisa ditaléni ing pring kang ditancepaké ing lemah.[3]

Umbi Semu utawa Bulbo

[besut | besut sumber]

Wit anggrék merpati kang kuwat, dikeret ngganggo péso sawisé ana tunas kang thukul.[3] Wit iki aja terus dipindah, nanging sawisé metu oyoté lagi bisa dipindah.[3] Nganti thukul oyoté kurang luwih mbutuhaké wektu 2 minggu.[3] Banjur wit dipindah kanthi ati-ati supaya oyoté coklèk lan rusak.[3] wit ngoyot kang dipindah paling sithik nduwéni 3 umbi semu utawa bulbo.[3]

Wiji Anggrèk merpati

[besut | besut sumber]

Cara nengkaraké anggrèk nganggo wiji iki dadi cara kang paling angèl tinimbang cara-cara liyané, amarga wiji anggrèk ukurané cilik lan gampang mabur.[3] Kajaba iku, wiji anggrèk ora nduwé lembaga biji.[3] Lumrahé nengkaraké anggrèk nganggo wiji namung kanggé tujuwan kang ditemtokaké.[3] Umpamané kanggo nemu jinis anggrèk anyar.[3]

Supaya Thukul

[besut | besut sumber]

Woh anggrèk bisa ngasilaké éwon nganti yutonan wiji.[3] Wiji iki ukurané cilik lan ora nduwé lembaga biji, mulané dibutuhaké médium supaya bisa thukul.[3] Médium iki diarani médium agar-agar.[3]

Nyiapaké panggonan kanggo ndhedher wiji
[besut | besut sumber]
  1. Nyiapaké gendul-gendul kang ukurané pada, kurang luwih sakgendul susu.[3]
  2. Medium agar-agar disokaké ing gendul, akéhé seprapat gendul, banjur ditutup nganggo kertas lan ditalèni.
  3. Botol diséléhaké kanthi posisi miring.[3]
  4. Pembenihan wis bisa ditindakaké.[3] Wiji-wiji anggrèk merpati diséléhaké ing médium agar-agar nganggo pipèt utawa pinsèt.[3]
  5. Botol ditutup manèh nganggo kapas, banjur kertas lan pungkasané plastik.[3]
Nandur Bibit
[besut | besut sumber]

Sawisé 3 minggu wiji-wiji anggrék banjur malih dadi warna ijo, banjur ngoyot lan nukulaké tunas.[3] Sawis 6-9 sasi, bibit wit anggrèk wis nduwé oyot lan tunas kang wis kuwat yèn dipindah ing pot.[3] Kanggo nandur ing pot dibutuhaké piranti-piranti.[3]

  1. kawat kang pucuké digawé mlengkung.[3]
  2. piring utawa cawan.[3]
  3. èmbér utawa baskom, cacahé loro utawa telu.[3]
  4. ''fungsiside'' utawa obat anti jamur.[3]
  5. kertas koran kanggo tatakan.[3]
Mindah ing Pot
[besut | besut sumber]

Carané kanggo mindahaké anggrèk merpati saka gendul ing pot.[3]

  • Anggrèk ditokaké saka gendul nganggo kawat mlengkung.[3] Oyoté anggrèk merpati diganthol karo kawat nganti metu saka gendul.[3] Bibit banjur diséléhaké ing cawan utawa piring.[3] Bibit banjur dikumbah lan dibilasi manèh.[3]
  • Bibit anggrèk merpati banjur dikumbah nganggo banyu kang dicampur fungiside, ancasé bén jamur ora bisa thukul.[3]
  • Bibit banjur diséléhaké ing kêrtas supaya rada garing yèn ditandur.[3]
  • Anggrèk merpati banjur ditandur ing pot kang rada gedhé.[3] Sadurungé, pot diiséni areng, lan bata kanggo maténi jamur.[3] Bibit banjur diwénéhi pakis utawa sepet.[3] Kira-kira 50 bibit anggrèk bisa ditandur ing pot iki.[3]
  • Anggrèk ing pot iki kudu kena panas srengéngé 20-30%.[3] Sawisé seminggu bibit banjur digembyor nganggo banyu gula.[3] Banyu gula digawé kanthi perbandingan sesendok gula dicampur karo saliter banyu.[3] Carané nyiram nganggo semprotan lemuk banjur disemprot-semprotaké.[3] Saben 2 dina bibit disemprot lan diwénéhi fungiside seminggu utawa rong minggu sapisan.[3] Kajaba iku, anggrèk merpati uga diwénéhi pupuk NPK kira-kira 1 nganti 3 cc ing selitér banyu kanthi cara disemprotaké uga.[3]
  • Sawisé 5 sasi bibit anggrèk wis bisa dipindah ing pot-pot cilik.[3]

Carané,

  • Pot cilik diisi nganggo areng lan sepet utawa pakis.[3]
  • Bibit dikumbah lan dibilas banjur dibilas manèh nganggo banyu kang wis dicampur fungiside, ancasé supaya jamur ora bisa thukul.[3]
  • Bibit diséléhaké ing kertas bén rada garing.[3]
  • Bibit banjur dipindah siji-siji ning pot cilik.[3]
  • Sawisé iku bibit anggrèk disirami lan dipupuk. Kurang luwih siji setengah taun utawa rong taunan anggrèk wis bisa ngembang.[3]

Kena ing Guna

[besut | besut sumber]

Ing Singapura, tuwuhan hias warna putih kang uga awarna kuning ing sisih tengah minangka dékorasi.[10] Tuladhané dekorasi nganten, resépsi, nganti adicara-adicara gedhé kaya ta upacara kenagaraan.[2] Saliyané kanggo dékorasi tuwuhan iki uga kanggo obat kanker polo.[4]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e anggrek.org Archived 2011-06-23 at the Wayback Machine. (dipunaksés tanggal 27 Maret 2011).
  2. a b c d e f g pbase.com(dipunaksés tanggal 27 Meret 2011).
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax ay az ba bb bc bd be bf bg bh bi bj bk bl bm bn bo bp bq [Sumartono.1982. Anggrek untuk Rakyat. Jakarta: PT. Bumirestu. 9-10, 15, 22]
  4. a b anggrek.org Archived 2011-08-10 at the Wayback Machine.(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
  5. a b c d sith.itb.ac.id(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
  6. a b anggrek.org Archived 2020-02-17 at the Wayback Machine.(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
  7. a b c d e f g h situs trubus-online.co.id Archived 2011-04-02 at the Wayback Machine.(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)
  8. a b c d e f g h i j k l [Sumartono.1982. Anggrek untuk Rakyat. Jakarta: PT. Bumirestu. 35-41]
  9. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x [Sumartono.1982. Anggrek untuk Rakyat. Jakarta: PT. Bumirestu. 28-31]
  10. discoverplants.com Archived 2010-11-22 at the Wayback Machine.(dipunaksés tanggal 27 Maret 2011)