Basa Melayu Kupang | ||
---|---|---|
Basa Kupang | ||
Dituturaké ing | Indonesia | |
Wilayah | Kupang, Nusa Tenggara Timur | |
Gunggung panutur | 500,000 | |
Rumpun basa | ||
| ||
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | –
| |
ISO 639-3 | mkn
| |
|
Basa Melayu Kupang utawa basa Kupang iki dituturké ing Kutha Kupang, Atambua, Belu, kabupatén Timor Tengah Kidul, Timor Tengah Lor, Malaka lan sekubengé ing provinsi Nusa Tenggara Wétan. Akéh kosa tembung ing basa iki ana padhané karo kosa tembung basa Indonésia. Miturut Ethnologue[1], Jacob, lan Grimes[2] basa iki éwoning basa Melayu Krèol, padha karo basa Basa Malayu Manado lan Basa Malayu Ambon. Panyatur basa iki ana 200.000 nganti 500.000 wong ing laladan mau[1][2]. Basa Kupang kanggo basa lésan lan tulisan. Conto kang dadi basa tulisan iku ana ing kitab-kitab Injil kang diideraké ing kana. Nanging basa iki ora duwé sistem ortografi utawa sistem penulisan kang resmi. Miturut Grimes, sajarah munculé basa iki nalika ing abad 16 utawa sedurungé ing wewengkon Kupang akèh wong dagang saka mancanegara[2]. Basa sambung rembug antara wong manca iku wis nganggo basa Melayu. Sabanjuré, wewengkon Kupang katekanan bangsa Èropa kaya dèné Portugis lan Walanda kang mèlu monopoli dagang. Amarga iku ing basa Kupang uga ana kosa tembung serapan saka basa Walanda lan Portugis[2].
Ing tabél isor iki conto tembung genti:
Basa Jawa | Basa Melayu Kupang | |
k.ganti orang pertama tunggal | aku | beta |
k.ganti orang pertama jamak | kita | ketong |
k.ganti orang kedua tunggal | kowé | lu |
k.ganti orang katiga tunggal | dhèwéké | dia |
k.ganti orang katiga jamak | dhèwéké | dorang |
Basa Kupang nganggo tembung pun kanggo nandhaké darbèké kaya ing isor iki:
Basa Jawa | Basa Melayu Kupang |
Bukuku | Beta pun buku / be pun buku |
Bukumu | lu pun buku |
Bukuné | dia pun buku |
Buku awaké dhèwé | ketong pun buku / tong pun buku |
Buku dhèwéké kabéh | dorang pun buku / dong pun buku |
Iki buku kowé kabéh | ini buku besong pun |