Bernard S. Cohn ya iku ahli antropologi saka Brooklyn, New York, Amérikah Sarékat, kalairan 13 Méi 1928[1]. Pandhidhikan pawiyatan luhur olèh saka ing University of Wisconsin (BA) taun 1949 lan Cornell University taun 1954 (Ph.D.)[1][2]. Cohn nglakoni panlitian antropologi antarané ing Indhi lor (1952) lan London (1962)[1][2]. Cohn uga naté nulis karya-karya akademis ya iku antarané ‘The changing status of a depressed caste’, in McKim Marriott (ed.) ing buku Village India: Studies in the Little Community (1955), An Anthropologist among Historians and Other Essays (1987), lan Colonialism and Its Forms of Knowledge: The British in India (1996)[1][2]. Dhèwèké dadi pelopor ing genre antropologi sujarah kang dikembangké pasca perang donya kaping loro, pos-kolonial. Uga dhèwèké minangka salah siji antropolog kepisan kang nliti disiplin antropologi ing pandhangan kawruh kolonial[1].