2017 Aleppo suicide car bombing | |
---|---|
Péranganing the Syrian Civil War | |
![]() | |
Pernah | Rashideen district west of Aleppo, Syria |
Tanggal | 15 April 2017 |
Gamans | Car bomb |
Pepati | 126+[1] |
Tatu tan fatal | 55+ |
Sing nindakaké | Unknown |
Tanggal 15 April 2017, sawijiné bom mobil mbledhos ora adoh saka iring-iringan bis ing wewengkon al-Rashideen, sisih kuloné Aleppo, Suriah. Bis-bis iku mau ngangkud para pengungsi saka kutha-kutha kang dikuwasani déning pamaréntah ya iku al-Fu'ah lan Kafriya kang dijaga déning wong ngraman.[2] Bom iku agawé patiné wong 126[3] ing antarané ana bocah-bocah cacah 68.[4]
Bis sing ngangkud para pengungsi iku mau pangejawantahané sapérangan rembugan kang ditengahi déning pamaréntah Suriah, Iran, lan Qatar (minangka sulih sarirane para ngraman), lan kaleksanan déning Bulan Sabit Abang Suriah Arab.[5] Wondéné kasile rerembugan ngangkud pengungsi mau, masarakat Singah Al-Fu'ah lan Kafriya, kang disokong déning pamaréntah Suriah[6] lan dikepung déning pejuang kaum Sunni, arep diangkud mara ing Aleppo.[5] Minangka imbalané, warga Madaya lan Al-Zabadani, sing akèh-akèhé pandhèrèk Sunni nyokong lawané pamaréntah, arep diangkud mara ing provinsi Idlib.[5]
Serangan bom iku kadadéan ana ing dhistrik Rashideen, sisih kuloné kutha Aleppo, antarané tabuh 15:30 wayah saenggon.[7] Miturut para pawarta, bom mau didèlèhaké ana ing sajeroning mobil kang diparkir ora adoh saka panggonané wong-wong lagi nampa jatah tetedhan, ora adoh saka iring-iringan bis kang mandheg ing gerbang pamriksan kanggo ngangkud para pengungsi kang ketaton.[7][8]
Pawarta wiwitan mratèlaké yèn mung lusinan warga kang kaprajaya,[9] nanging banjur ana pawarta anyar sing surasané ana tambahan kurban tiwas cacahé ana satus nem likur, ing dina sabanjuré, iku mau miturut Observatori Suriah kanggo Hak Asasi Manungsa.[7] Dikandhakaké déné kurban cacah satus sanga sing tiwas iku pengungsi, kalebu bocah-bocah cacah 68, lan liyané ya iku para ngraman sarta para sukarilawan.[7] Juru wicara kelompok wong ngraman, Ahrar al-Sham mratèlake yèn udakara telung puluh anggotané uga kaprajaya.[10] Miturut kelompok sipil White Helmets, sèket lima wong ngalami ketaton.[11]
Idhèntitas paraga nganti tumeka saiki durung dingertèni. Miturut setasiyun-setasiyun télévisi ing Suriah, warga sipil saka Fuaa lan Kafriya nyokong pamaréntah salawasé kutha-kutha padha dikepung, lan para ngraman kudu tanggung jawab mbledhosé bom iku mau. Nanging miturut aktivis lawané pamaréntah, mbledhosé bom iku bokmenawa malah pamaréntah dhéwé sing ngecakaké kanggo ngalihaké kawigatèné Serangan kimia Khan Shaykhun.[12]