Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Bradley Paul Dack[1] | ||
Tanggal lair | [2] | 31 Dhésèmber 1993||
Papan lair | Greenwich, Inggris | ||
Dhuwur | 1.75 m (5 ft 9 in)[3] | ||
Posisi main | Midfielder | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Blackburn Rovers | ||
Angka | 23 | ||
Karir nom | |||
2005–2010 | Charlton Athletic | ||
2010 | Corinthian | ||
2010–2012 | Gillingham | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2012–2017 | Gillingham | 160 | (31) |
2013 | → Braintree Town (loan) | 4 | (1) |
2017– | Blackburn Rovers | 24 | (10) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 08:41, 6 January 2018 (UTC). |
Br Bradley Paul Dack (miyos 31 Dhésèmber 1993) inggih menika satunggaling pemain bal-balan profésional saking Inggris ingkang samenika main minangka glandhang ing Liga Utama Inggris klub Blackburn Rovers F.C..
Dack lair ing kutha London Borough of Greenwich, lan sekolah ing Beths Grammar School ing Bexley.[4] Akadhemi ingkang kapisan inggih menika ing Charlton Athletic, ing akadhemi menika piyambakipun nelasaken tigang taun saderengipun lulux ing umur kawan welas taun.[5] Sasampunipun lulus, piyambakipun wangsul main bal ing tim Corinthian ing Liga Ken Youth.[6]
Dack lajeng miwiti pelatian bal kanthi béasiswa ing taun 2010 ing klub Gillingham, napakasmani kontrak profesional kapisan ing wulan Mei 2013.[7] Piyambakipun nglampahi pra musim prodhuktif ing taun 2012 wekdal nyethak sekawan gol mengsah Royal Engineers.[8] ingkang damel kepincut manahipun mènèjer Gillingham Martin Allen, ingkang salajengipun nglampahi debut profésionalipun tanggal 14 Agustus 2012.[9]