Byron J. Good ya iku ahli antropologi saka Rantoul, Illinois, Amérikah Sarékat, kalairam taun 1944[1]. Byron naté olèh pandhidhikan pawiyatan luhur ana ing Goshen College (BA) taun 1966. Sabanjuré ana ing Harvard Divinity School (BD) taun 1969 lan University of Chicago (Ph.D.) taun 1977[2]. Panlitian lapangané naté ana ing Iran taun 1972 nganti 1977, Amérika taun 1976, Turki taun 1987, lan Indonesia taun 1996[3]. Karya-karya kang sinerat déning Byron ya iku antarané Medicine, Rationality and Experience: An Anthropological Perspective (1994) lan ‘The heart of what’s the matter: the semantics of illness in northern Iran’ ana ing buku Culture, Medicine and Psychiatry (1977)[1]. Byron iki dadi tokoh antropolog kang ngembangaké disiplin èlmu antropologi kedhokteran lan dadi kritik relevan ing èlmu kasèhatan[1][3]. Analisis simbolik lan tèori budhaya dienggo déning Byron ing metodologi antropologi kedhokteran[1][2].