Ceriagrion cerinorubellum | |
---|---|
![]() | |
lanang | |
![]() | |
wadon | |
Klasifikasi ngèlmiah ![]() | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Odonata |
Famili: | Coenagrionidae |
Génus: | Ceriagrion |
Spésies: | C. cerinorubellum |
Jeneng binomial | |
Ceriagrion cerinorubellum (Brauer, 1865) |
Ceriagrion cerinorubellum utawa kang luwih dikenal minangka kinjeng rawa kang duwéni buntut warna jingga [2] utawa kinjeng damselfly kang duwéni 2 warna, yaiku jinis kéwan damselfly saka kulawarga Coenagrionidae. Jinis iki asring ditemokaké ing Asia . [1] [3]
Jinis Sepésiyès iki bisa ditemokaké ing antarané Asia : Banggaladésa, Républik Rakyat Cina, Indonésia, Indhi, Sri Lanka, Myanmar, Malaysia, Pilipina, Malaysia Kulon, Singapura, Tanah Thai, Viètnam . [1] [3]
Kéwan iki kalebu jinis damselfly kanthi ukuran awak sedhengan lan duwéni warna mata semu ijo lan semu biru ing sisih dhuwur. Dhadhané warna ijo semu kuning. Ros-rosané 1,2 lan 3 ing pérangan ngisor saha ing pérangan dhuwur saka 7 nganti 10 warnané abang bata. Ros-rosan liyané warna ireng ing setengah péranganing awak sisih buri lan warna biru pucet ing setengah péranganing awak sisih ngarep. Kang jinis wadon padha karo kang jinisé lanang; nanging luwih kuwat lan warnané luwih bureg. [4]
Kéwan kasebut manak ana ing blumbang, rawa, lan panggonan kang akèh banyuné. [4] [5] [6] [7] [2]
{{cite journal}}
: CS1 maint: uses authors parameter (link) Masalah sitiran: Tenger <ref>
ora trep; jeneng "iucn" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda