Champon (ちゃんぽん?) (chanpon) utawa Nagasaki champon ya iku mi godhog khas kutha Nagasaki. Champon minangka variasi saka mi godhog cara Tionghoa. Bahan nggawene ya iku daging babi, panganan laut kang isih usum, kamaboko, lan janganan (kul, tauge) digongso karo gajih babi. Banyu kaldu saka campuran balung babi utawa balung pitik ditambahake kanggo nggodhog mi nganti empuk. Ing Koréa, masakan kang meh padha karo chmampon diarani Jjampong (짬뽕), lan dimasak nganggo tambahan lombok. Ing Okinawa, champon tegesé sapiring sega salawuhe.
Ing basa Jepang, tembung "champon" tegesé masak campuran manéka warna bahan pangan utawa nyampur rong jinis bahan pangan kang béda. Tembung iki asalé saka basa Tionghoa: 攙烹 (chānpēng).[1] Kajaba iku, wong diarani nganggo basa champon yèn ngomong nganggo basa Jepang dicampur basa asing. Kanggone wong Kyushu, "champon" tegesé campuran manéka warna ombèn-ombèn ngandhut alkohol utawa nyampur manéka warna lawuh dadi siji.[2] Kajaba iku, tembung "champon" bokmanawa saka dhialèk Fujian, "shapon" kang tegesé mangan.[3]
{{cite journal}}
: Missing or empty |title=
(pitulung)
Artikel magepokan panganan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |