Chromobacterium violaceum | |
---|---|
![]() | |
Blood agar plate culture of C. violaceum. Image from the CDC. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Bacteria |
Filum: | Proteobacteria |
Klas: | Betaproteobacteria |
Ordho: | Neisseriales |
Famili: | Neisseriaceae |
Génus: | Chromobacterium |
Spésies: | C. violaceum |
Jeneng binomial | |
Chromobacterium violaceum (Schröter 1872) |
Chromobacterium violaceum ya iku bakteri fakultatif anaerob, gram-négatif lan wujudé batangan sarta duwé pigmen ungu.[1] Bakteri iki racaké tinemu ing laladan kang duwé iklim tropis lan subtropis, ing banyu lan lemah uga ing manungsa lan kéwan (yèn infeksi).[2] Bakteri iki minangksa siji-sijiné spésies Chromobacterium lang asipat patogen ing manungsa. Nalika diuripake ing médhia agar darah, mac conkey agar, utawa nutrient agar, bakteri iki mpoduksi pigmen warna ungu kang diarani violacein.[1][2] Pigmen iki ora larut ing banyu lan duwé aktivitas antibiotik kang bisa gawé sel iki resisten marang fagositosis déning protozoa (antibiotik diasilake yèn bakteri iki diuripake ing médhia kang ngandhut triptofan).[1][2] C violaceum uga mroduksi antibiotik liya ya iku aerocyanidin kang duwé fungsi ngganggu aktivitas in vitro bakteri gram-négatif lan gram-positif liyané.[1]