Chunhyangjeon utawa Kisah Chunhyang (춘향전;春香傳) ya iku sawijining novèl klasik ngenani romansa katresnan sepasang nom-noman ing Koréa ing mangsa Dinasti Joseon (1392-1910).[1][2]
Chunhyangjeon ditulis ing periode pungkasan Dinasti Joseon (abad kaping 17 nganti kaping 18).[1] Cerita novèl iki dhedhasar narasi pansori (opera tradhisional) lan ora dingerteni penulise.[1] Amarga narasi pansori diwarisake kanthi oral (dari mulut ke mulut) mula angèl kanggo ngerteni mula bukane.[1] Kisah Chunhyang ing versi pansori diarani Chunhyang-ga (Nyanyian Chunhyang).[2] Carita Chunhyang ditulis ing periode pungkasan Dinasti Joseon ya iku nalika sistem kelas sosial wis wiwit owah.[1] Carita iki ngrefleksekake katresna sawijining gisaeng (penghibur) saka kelas ngisor lan anak bangsawan saéngga disenenengi rakyat kang ngimpekake kebebasan lan pangarep-arep mangsa candhaké.[1] Versi Chunhyangjeon ngancik 120 carita kang béda-béda amarga caritane terus owah lan manut karo periode tinamtu.[1]
Novèl Chunhyangjeon nyitakake ngenani sepasang nom-noman, ya iku Chunhyang lan Lee Mong-ryeong.[1] Chunhyang ya iku sawijining gisaeng saka kalangan rakyat biyasa kang njalin gayutan katresnan karo Mong-ryeong, kang minangka sawijing putra gubernur kutha Namwon, provinsi Jeolla Utara.[1]
Hubungan kekarone ora direstoni déning wong tuwa kekarone saéngga pungkasane won sakloron mau kawin kanthi meneng-menengan.[1] Nanging Mong-ryeong kepeksa kudu lunga ing kutha krajan, Hanyang nalika mangsa kalungguhan bapake kang arep rampung.[1] Mong-ryeong janji yèn dhèwèké bakal rikat-rikat bali nemoni Chunhyang sawisé bali mèlu ujian sipil kenagaraan ing Hanyang.[1]
Ing wektu kang pada, ing Namwon, sawijining gubernur anyar ditunjuk nggenteni bapake Mong-ryeong.[1] Gubernur mau dikenal kanthi aran Byon Hak-do.[3] Chunhyang diundang kanggo ngibur gubernur mau, nanging amarga dhèwèké wis kawin, mula dhèwèké nolak panjalukan mau, akibate Chunhyang dikunjara lan disiksa.[1] Rencanane Chunhyang bakal dieksekusi ing dina ulang tahune gubernur mau.[1]
Pungkasane Lee Mong-ryeong ngerti yèn Chunhyang dikunjara nanging dhèwèké ora katon sedih.[1] Chunhyang kuwatir banget marang kaanan Mong-ryeong lan kuciwa ora bisa nglakoni apa-apa.[1] Nalika pista ulang taun dianakake lan Chunhyang arep dieksekusi.[1] Nanging sadurungé diukum, sawijining agen rahasia nyulik dhèwèké, ora liya ya iku Lee Mong-ryeong.[1] Mong-ryeong nylametake Chunhyang lan pungkasane wong sakloron urip kanthi bungah.[1][3]
{{cite journal}}
: Unknown parameter |month=
ignored (pitulung)[pranala mati permanèn]