![]() Kuwe dadar gulung | |
Jeneng liyané | Darlung |
---|---|
Ajangan | Nyamikan |
Hawa ajangan | Adhem |
Woworan pokok | Glepung, Gula, Parutan klapa |
Variasi | Werna lan rasa |
Katerangan liyané | Kalebu jajanan pasar |
![]() ![]() |
Dadar gulung inggih punika sawijining olahan kuwé ingkang dipun damel mawi dipundadar banjur digulung kanthi isèn-isèn entèn-entèn (parutan klapa kaliyan gendhis jawi). Menawi dipuntingali setiti, kulit punika memper kalihan kulit sosis Sala. Bentenipun dadar gulung punika rasanipun manis. Kulit dadar gulung warni ijem amargi ngagem sari ron pandhan. Jaman sakniki kulit punika wonten ingkang dipungantos werna soklat, jambon, pethak ngantos polkadot miturut kasenengan piyambak-piyambak. Wosipun ugi saged dipunmodhifikasi kadosta pisang, soklat, keju, ngantos daging duren. Tekstur kuwe punika empuk sakengga dipunremeni lare-lare. Sesuguh niki dipunsade wonten warung, bakul kuwe ngantos restoran. Kuwe punika kalebet jinis kuwe basah sakengga awetipun boten dangu, kinten-kinten amung sak dina kémawon. Pramila kedah dipundhahar.
Damel dadar gulung inggih punika: