Dear Eleanor | |
---|---|
Barkas:DearEleanorPoster.png | |
Disutradarani | Kevin Connolly |
Diprodhuseri | Caleb Applegate Chuck Pacheco Hillary Sherman |
Ditulis déning | Cecilia Contreras Amy Garcia |
Dibintangi | Isabelle Fuhrman Liana Liberato Jessica Alba Josh Lucas Luke Wilson Joel Courtney Ione Skye Patrick Schwarzenegger |
Dimusiki | Aaron Zigman |
Sinématografi | Steven Fierberg |
Dibesut déning | Jim Flynn |
Perusahaan prodhuksi | Nine Nights |
Dibabar déning | Destination Films |
Tanggal metu | |
Suwéné | 89 minutes |
Nagara | United States |
Basa | Inggris |
Dear Eleanor nggih punika filem drama Amerika Serikat ingkang dipundamel déning Appian Way Productions, kagunganipun Leonardo DiCaprio rikala taun drama. Filem punika kaarahaken déning Kevin Connolly, adhedhasar saking skénario anggitanipun Cecilia Contreras lan Amy Garcia, nyariyosaken kalih tiyang, kanca raket ingkang nglampahi pangembaran nyebrangi Amérikah Sarékat ing taun 1962 saperlu manggihi Eleanor Roosevelt. Para juru paraga ingkang kadhapuk wonten filem punika antawisipun Isabelle Fuhrman, Josh Lucas, Liana Liberato, lan Jessica Alba.[1][2]
Chuck Pacheco, Hillary Sherman lan Caleb Applegate ndamel film punika kanthi miwiti pamundhutan gambar wonten ing Boulder County, Colorado surya 14 Mei 2013. Kutha Niwot dados papan panggenan pamundhutan gambar ping kalih kagem Manteca, California.[3] Kutha Colorado's Front Range Rocky Mountains, kalebet Longmont, Lyons, Nederland, Boulder lan Hygiene, ugi dados papan panggenan pamundhutan gambar.[4] Sanesipun, ugi wonten ing Downtown Denver Paramount Theatre sadèrèngipun pungkas ing wulan Juni.[5] Lajeng, pamundhutan gambar dipunambali udakara setunggal tahun salajengipun. Proyek punika, pungkasanipun pikantuk sokongan ardhana saking program insentif ekonomi Colorado dumugi $2.5 yuta.[6]
Filem punika kababar miyos video on demand lan DVD ing surya 5 Juli 2016.[4]
Artikel filem iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |