Denny Cagur | |
---|---|
![]() | |
Lair | Denny Wahyudi Agustus 29, 1977 Bandung, Jawa Barat, Indonesia |
Pakaryan | Artis, Pelawak, Politisi, Penyanyi |
Taun aktif | 1997 - saiki |
Bojo | Santi Widihastuti |
Anak | Fabian Muhammad Yahva |
Wong tuwa | (Alm.) Rojali Eny |
Denny Wahyudi utawi kondhang kanthi jejuluk Denny Cagur (lair ing Bandung, 29 Agustus 1977; umur 47 taun) inggih punika juru banyol, juru pamaraga, lan juru pranatacara Indonesia.[1] Piyambakipun kawitanipun muncul ing giyaran taun 1997 kaliyan kalih mitranipun, Wendy Cagur sarta Narji, ingkang nunggal grup banyol, Cagur. Ngantos sapunika, sampun sawenèh giyaran télévisi ingkang mitongtonaken piyambakipun, kados ta Dahsyat lan Comedy Project. Piyambakipun ugi kawentar déning jogedipun ingkang dipunsebat Goyang Bang Jali.
Denny Cagur krama kaliyan Santi Widihastuti rikala 15 Januari 2006. Piyambakipun apeputra satunggal nama Fabian Muhammad Yahva (dipunceluk Abi) ingkang lair rikala 20 Fèbruari 2009.
Tahun | Award | Kategori | Hasil |
---|---|---|---|
2014 | Dahsyatnya Awards 2014 | Penyanyi Dangdut Dahsyat | Nominasi |
YKS Romantic Award 2014 | Penampilan Terkejut | Nominasi | |
Pasangan Teromantis | Menang | ||
Panasonic Gobel Awards 2014 | Pelawak Terfavorit | Menang | |
Global Seru Awards 2014 | Presenter Paling Seru | Nominasi | |
Komedian Paling Seru | Menang | ||
Indonesia Kids Choice Awards 2014 | Komedian Favorit | Menang | |
2015 | Dahsyatnya Awards 2015 | Pasangan Terdahsyat | Nominasi |
Penyanyi Dangdut Terdahsyat | Nominasi | ||
Global Seru Awards | Komedian Paling Seru | Menang | |
Panasonic Gobel Awards 2015 | Pelawak TerFavorite | Nominasi | |
Presenter Musik/Variety Show & Entertainment | Nominasi |