Ing ngisor iki pratélan tandha kaurmatan sing diwetokaké déning pamaréntah Republik Indonesia. Jeneng-jeneng gelar utawa pakurmatan wujud medhali sarta piagam lumrahé nganggo basa Sangskreta, nanging naknané kurang luwih wis cetha. Pratélan iki antarané miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia taun 1997 sing diurut miturut abjad.
Tandha kaurmatan Bintang luwih dhuwur derajaté tinimbang Satyalancana. Urutan kanthi nomer cilik iku luwih dhuwur saka nomer sing luwih gedhé.[1][2] Tandha kaurmatan iki dianugerahaké marang wong sawong (perorangan).
Cathetan: Bintang Mahaputra, Bintang Jasa lan Bintang mirunggan Angkatan wis dijabaraké miturut urutan lan tingkatané.