Dian Sastrowardoyo | |
---|---|
Lair | Diandra Paramitha Sastrowardoyo Maret 16, 1982 Jakarta, Indonesia |
Pakaryan | Artis, Produser, Presenter, Model |
Taun aktif | 1996 - sapunika |
Bojo | Indraguna Sutowo[1] |
Diandra Paramitha Sastrowardoyo (ꦢꦶꦲꦤ꧀ ꦯꦱ꧀ꦠꦿꦮꦂꦢꦪ), misuwur ing masarakat kanthi asma Dian Sastrowardoyo (lair ing Jakarta, 16 Maret 1982; umur 42 taun) inggih punika salah satunggalipun artis saking Indonesia.[2]
Dian Sastrowardoyo miwiti karieripun ing jagad hiburan taun 1996, minangka juara 1 ing ajang GADIS Sampul ingkang dipunwontenaken déning kalawarta GADIS. Panjenenganipun dados ikon kebangkitan filem nasional sesarengan kaliyan kancanipun ing filem AADC, Nicholas Saputra. Filmipun ingkang wiwitan inggih punika Bintang Jatuh (2000), karya Rudi Sujarwo, dipunsebaraken lokal ing kampus-kampus lan boten dipunstel ing biyoskup. Ing filem kasebat piyambakipun main kaliyan Marcella Zalianty, Garry Iskak lan Indra Birowo. Film ingkang salajengipun ing taun 2001, Pasir Berbisik piyambakipun main kaliyan Christine Hakim, Slamet Rahardjo lan Didi Petet. Kanthi filem punika, Dian Sastrowardoyo dipunparingi kanugrahan paraga wanita ingkang saé piyambak ing Festival Film Internasional Singapura (2002) lan Festival Film Asia ing Deauville, Prancis (2002).[2][3]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |