Didi Petet | |
---|---|
![]() | |
Lair | Didi Widiatmoko |
Pakaryan | aktor, pelawak |
Didi Widiatmoko (lair ing Surabaya, Indonésia, 12 Juli 1956; umur 68 taun).[1] Didi Indiatmoko luwih ditepungi kanthi jeneng Didi Petet.[1] Didi Petet ya iku juru main sinétron Indonésia.[1] Didi Petet wis main ing akèh filem lan téater.[1] Didi Petet tau mainaké peran dadi tokoh Emon ing filem kang judhulé Catatan si Boy.[1] Saliyané ing filem kang judhulé "Catatan si Boy", Didi Petet uga tau dadi bintang kanthi meranaké tokoh Kabayan ing filem kang judhule Kabayan Saba Kota.[1] Didi Petet uga tau main filem kang judhulé Pasir Berbisik.[1] Ing filem iki, Didi Petet dadi tokoh Suwito.[1]
Nalika donyaning sinétron sangsaya misuwur nalika akèh stasiun tivi swasta kang ana ing Indonésia, Didi Petet uga mèlu ngramèkaké kanthi mènèhi kontribusi karyané ing donyaning sinétron.[2] Saliyané sinétron lan filem, filem iklan uga dijajal digarap Didi Petet.[2] Saking senengé Didi Petet makarya ing donyaning filem Indonésia, Didi Petet nggawé salah sawijiné omah prodhuksi.[2] Didi Petet uga aktif ing pamentasan-pamentasan téater.[2] Saliyané iku, Didi Petet uga kerep dadi pembicara utawa nara sumber ing seminar-seminar ngenani seni peran lan akting.[2] Didi Petet uga mulang ing IKJ.[2] Saiki Didi Petet aktif dadi dhéwan juri acara tivi kang disiyaraké karo salah sijiné stasiun tivi swasta.[2] Program iki jenenge Akhirnya Datang Juga Trans TV.[2]
Film kang dibintangi Didi Petet.[2]
Sinetron kang dibintangi Didi Petet:
![]() | Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |