Edward P. Dozier ya iku ahli antropologi saka Santa Clara Pueblo, New Meksiko, Amérikah Sarékat, kalairan taun 1916[1]. Edward naté olèh pandhidhikan ing University of California (Ph.D.) taun 1952[2]. Dhéwéké naté mèlu panlitian lapangan ana ing Pueblos New Meksiko lan Arizona (1930-1971), sabanjuré ing Filipina (1960an)[1]. Karya-karya panlitiané iku antarané Mountain Arbiters: The Changing Life of a Philippine Hill People (1966), Hano: A Tewa Community in Arizona (1966), lan The Kalinga of Northern Luzon, Philippines (1967)[1]. Edward Dozier dadi salah siji antropolog kang bebrayan Amérika asli[2]. Mulané dhèwèké akéh nliti bab berayan Pueblos ing wewengkon Los Angeles[2]. Dhéwéké pinilih minangka wakil présidén American Association of Indian Affairs[1]. Edward Dozier séda ing taun 1971 ana ing Arizona[1][3].