Equity | |
---|---|
Disutradarani | Meera Menon |
Diprodhuseri |
|
Diskénariyoni | Amy Fox |
Carita déning |
|
Dibintangi |
|
Dimusiki | Alexis & Sam |
Sinématografi | Eric Lin |
Dibesut déning | Andrew Hafitz |
Perusahaan prodhuksi | Broad Street Pictures |
Dibabar déning | Sony Pictures Classics |
Tanggal metu |
|
Suwéné | 100 menit[1] |
Nagara | Amérikah Sarékat |
Basa | Basa Inggris |
Kalarisan | $1.7 yuta[2] |
Equity inggih punika filem sandiwara thriller saking Amérikah Sarékat ingkang dipundamel déning Broad Street Pictures taun 2016. Filem punika dipunsutradarani Meera Menon, dhedhasar skénario ingkang dipunanggit déning Amy Fox. Ingkang maragani filem punika antawisipun Anna Gunn, James Purefoy, Sarah Megan Thomas, lan Alysia Reiner. Equity dipuntepangaken pisanan nalika pangaji Sundance Film Festival tanggal 25 Januari 2016.[3] Sadèrèngipun, hak pangeduman filem dipuntumbas déning Sony Pictures Classics[4], filem iki dipunbabar kanggé sagung pamiarsa ing Amérikah Sarékat, tanggal 29 Juli 2016. Equity nampi pangalembana saking para pamirsa lan juru kritik filem.
Meera Menon dipunwartakaken bilih badhé ngarahaken filem punika ing wulan Maret 2015.[5] Anna Gunn dipundhapuk minangka salah satunggalipun paraga, ing wulan Juni 2015, salajengipun James Purefoy ugi mratélakaken sumadya main ing filem punika.[6][7]
Equity kasil ngempulaken arta $1,6 yuta saking Amérikah Sarékat lan Kanada, lan $65.116 saking sapérang nagari sanèsipun, kanthi gunggung dumugi $1,7 yuta.[2] Filem punika dipunbabar ing rongatus sèket gangsal gedhong biyoskup.[8]
Equity nampi pangalembana saking para juru kritik filem. Wonten ing Rotten Tomatoes filem punika pikantuk panampi 81%, dhedhasar pratélanipun 84 juru kritik, kanthi rata-rata biji 6,4/10.[9] Sawetawis, Metacritic nglaporaken bilih filem punika dipunremeni déning sagung pamirsa lan juru kritik filem. Perkawis punika saget dipunpirsani saking biji ingkang dumugi 68 saking 100 dhedhasar pratélanipun 29 juru kritik.[10][11]