Frivolous Wife | |
---|---|
Hangul | 날나리 종부전 |
Romanisasi Révisi | Nallari Jongbujeon |
Disutradarani | Lim Won-kook |
Ditulis déning | Park Yeon-seon |
Dibintangi | Park Jung-ah Park Jin-woo |
Dibabar déning | Lotte Entertainment |
Tanggal metu | |
Suwéné | 110 menit |
Nagara | Koréa Kidul |
Basa | Basa Koréa |
Kalarisan | US$160,719[1] |
Frivolous Wife inggih punika filem sandhiwara romantis kumedhi saking Koréa Kidul ingkang kadamel taun 2008. Filem punika dipunsutradarani Lim Won-kook, dhedhasar skénario anggitanipun Park Yeon-seon, dipunangkat saking novèl anggitanipun William Shakespeare sesirah The Taming of the Shrew.[2][3] Filem punika dipunbabar kanthi sesarengan ing surya 22 Mèi 2008 déning Lotte Entertainment, lan kasil ngrawuhaken pamirsa cacahipun 31,236.
Cheon Yeon-soo inggih punika satunggalipun tiyang èstri ingkang saèstu ayu, mahasiswi ingkang judhes ing pawiyatanipun. Tiyang sepuhipun dumadakan dados milioner ing wekdal satunggal dalu. Piyambakipun dipunmong déning satunggalipun tiyang ingkang tansah ngudang-ngudang, saéngga dumugi diwasa piyambakipun taksih aleman kemawon. Yeon-soo dipun-ngginakaken kanggé nggaèt priya pundi kemawon ingkang dipunremeni, nanging piyambakipun namung tresna dhumateng priya ingkang kapribadhènipun kosok wangsul kaliyan piyambakipun, inggih punika Lee Jeong-do ingkang lembah manah lan kagokan. Jeong-do punia salah satunggalipun wayah saking kulawarga ingkang tansah ngugemi tradhisi, lan Yeon-soo ngupados amrih saget nyawiji dados wanita ingkang prayogi, saéngga mangkih mara tuanipun saget nampi. Kepara Yeon-soo dèrèng pirsa bilih kulawarganipun Jeong-do punika sajatosipun tokoh ingkang misuwur.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |