Gagok

Gagok

Gagok inggih punika seni nyekaraken tembang tradhisional khas Koréa.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Gagok punika seni swara ingkang lair nalika periode pungkasan Dinasti Joseon (abad kaping 16). Nalika masa punika, ingkang remen kaliyan seni punika sapérangan ageng saking kaum bangsawan, aseing kempal sesarengan kanggé nyerat puisi lan nyipta tembang. Ing wiwitan seni nyekar punika dipunwastani Mandaeyeob kanthi titikan tempo ingkang alon. Mandaeyeob lajeng mekar dados kalih inggih punika Jungdaeyeob (tempo mèdium) lan Sakdaeyeob (tempo rikat). Nalika pungkasan abad kaping 17, Sakdaeyeob dados langkung kondhang tinimbang 2 gaya nyekar punika saéngga dumugi abad kaping 19 namung Sakdaeyeob ingkang taksih wonten. Sareng kaliyan musik Yeongsanhoesang, Sakdaeyeob dados hiburan musik paling kondhang ing pungnyubang, papan kanggé pagelaran ekslusif kaum bangsawan Joseon. Sakdaeyeob punika ingkang dados dhasar gagok ingkang dipunsekaraken dumugi sapunika. Sajah gagok saged dipuntlusur saking manéka buku musik kuna ingkang sinerat antawisipun taun 1570-an dumugi taun 1870-an.

Karakteristik

[besut | besut sumber]

Gagok dipunlebetaken ing kategori minangka jeongga ("tembang pantas") ingkang namung dipunpentasaken déning bangsawan nalika masa Dinasti Joseon, saged déning tiyang jaler utawi èstri.[2]

Sapunika taksih wonten 41 tembang gagok, ingkang kapérang dados 26 tembang kanggé swara kakung lan 15 tembang kanggé swara wanita.[3]

Sanajan mekar saking tempo nyekar Sakdaeyeob ingkang rikat, gagok kalebet ing genré musik Koréa ingkang paling alon. Gagok (哥曲) ateges "tembang" lan dipunwastani 哥永言 (gayeongeon), nyekar kanthi micara alon-alon. Cakepan (lirik) kanggé gagok punika 3 larik puisi sijo ingkang dipunsekaraken kanthi kalih nada pyeongjo (utawi ujo) lan gyemyeonjo. Ujo lan gyemyeonjo punika kados mayor lan minor ing musik kilèn.[3] Repertoar gagok saged dipunperang dhedhasar ketukan (jangdan). Sapérangan tembang dipunsekaraken wonten ing 16 ketukan lan sanèsipun 10 ketukan. Nalika dipunsekaraken, 3 larik puisi éwah dados tembang dawa 5 stanza.[3] Saben pamentasan kapérang dados 5 babak (jang) ingkang dipuniringi musik. Ing wiwitan pagelaran dipuntandhani kanthi musik pambuka (prelude/daeyeoeum). Tembang wiwit dipunsekaraken dumugi 3 stanza kapisan. Ing jeda ingkang nyekar lajeng ngaso déné musik mlampah (interlude/jungyeoeum). Bibar punika ingkang nyekar mbeta 2 stanza pungkasan ingkang dipunpungkasi kanthi musik panutup. Punika salah satunggaling cakepan tembang kakung kanthi irah-irahan Byeoksachang:

碧紗窓이 어른어른 커늘 Byeoksachangi eoreun eoreun kkeoneul
임만여겨 펄떡 뛰어 나가보니 Immanyeogyeo peoltteok ttwieo nagaboni
임은 아니오고 Imeun aniogo
明月이 滿庭한데 Myeongwori manjeonghande
벽오동 젖은 잎에 Byeokodong jeojeun ipe
鳳凰이 와서 Bonghwangi waseo
긴 목을 휘어다가 Gin mogeul hwieodaga
깃 다듬는 그림자로다 Git dadeumneun keurimjaroda
마초아 밤일새 망정 Machoa bamilsae mangjeong
낮이런들 남우일변 하여라 Najireondeul namuilbyeon hayeora

Tarjemahan bébas ing Basa Indonésia: Ketika ada bayang-bayang di jendela yang dilapisi kertas (byeoksachang), aku bergegas keluar untuk melihat apakah ia ya iku kekasih yang telah lama kutunggu-tunggu. Namun, di bulan purnama, di dedaunan pohon paulonia, bertengger fenghuang sedang membersihkan bulu-bulunya. Untung pada saat itu malam, kalau tidak orang-orang akan menertawai perilaku anehku.

Musik ingkang ngiringi sekaran gagok punika saking piranti musik sebul lan petik déning pemusik ingkang lenggah ing pérangan wingkingipun ingkang nyekar.[2] Piranti musik ingkang dipun-ginakaken punika antawisipun geomungo (kecapi 6 senar), gayageum (kecapi 12 senar), yanggeum (kecapi barat), sepiri (suling buluh alit), daegeum (suling ageng), danso (suling cendhek), haegeum (rebab), lan janggu (gendang dawa).[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Distinguishing Features of Korea's Traditional Music, asianinfo.org.
  2. a b c Gagok, lyric song cycles accompanied by an orchestra, unesco.org.
  3. a b c Rockwell, Von Coralie (1972). Kagok:a traditional Korean vocal form. Asian Music Publication, Providence, Rhode Island. ISBN 0-913360-05-8.

Pranala njawi

[besut | besut sumber]