Gunung Butak | |
---|---|
Èlevasi | 2,868 metres (9,409 ft) |
Gunung Butak inggih punika gunung ingkang mapan ing antawisipun Malang saha Blitar, Jawa Timur. Gunung punika saged dipunlampahi lumantar pinten-pinten panggénan, nanging limrahipun lumantar dhusun Gadingkulon, Kacamatan Dau, Kabupatèn Malang.[1]
Gunung punika mapan ing watesan kabupatèn Blitar saha Malang kanthi dipunapit déning gunung Kelud ing sisih kulon saha gunung Arjuna ing sisih wétan.[2]
margi pandhakian ingkang terus minggah kanthi kemiringan ingkang cekap ekstra, pandhakian ing gunung Butak saged dipunlampahi lumantar dhusun Semen-Gandusari-Blitar, margi gunung Kawi Kepanjen, margi dhusun Gadingkulon-Dau-Malang, utawa saking bukit Panderman Batu-Malang.
Kanggé miwiti wonten ing pos 1 mbetahaken wekdal kinten-kinten 45 menit. Pos II: pos I tumuju pos II mbetahaken wekdal 1 jam 45 menit koordinat 112 55’51,8” BT saha 07 29’ 57,3” LS, katinggian 1650 mdpl.[2]
Suhu ing puncak rata-rata sakandhapipun 10 derajat celcius.[2]
Komunikasi dengan kanthi ngginakaken HT kanthi frekuensi 14.760 Hz.[2]
Kanggé njangkepi logistic dipunjangkepi déning secretariat, kanggé toya, wonten ing papan punika ugi wonten sumber toya ing pos II ingkang lumantar kran pipa. Saha ing pos IV.[2]