June Helm ya iku ahli antropologi wanita saka Idaho, Amérikah Sarékat, kalairan ing tanggal 13 September 1924[1]. Pandhidhikan pawiyatan luhuré olèh saka University of Chicago. Ing taun 1944, June olih gelar Ph.B. ing taun 1944, MA ing taun 1947, lan Ph.D. ing taun 1958[1]. Panlitian lapangan antropologis kang linakoni ya iku ana ing Meksiko (taun 1945 lan 1946) lan ing Mackenzie (taun 1951)[2]. Karya-karya akademis kang sinerat déning June ya iku antarané The Lynx Point People: The Dynamics of a Northern Athabascan Band (taun 1961), Subarctic: Handbook of North American Indians (taun 1981), Prophecy and Power among the Dogrib Indians (taun 1994), lan The People of Denedeh: Ethnohistory of the Indians of Canada’s Northwest Territories (taun 2000)[2]. Nalika ing sekolah, dhèwèké karenan banget marang tèori èvolusi lan amarga iku dhèwèké dadi ètnolog. Dhèwèké ana pisumbangané ing bab sujarah antropologi, owah-owahan sosial, lan yayasan intelèktual[1]. June naté dadi ketua kang kapisan ing American Indian and Native Studies Program[1][3].