Lamongan كَبُڤَتَينْ لَمَوڠَنْ ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦭꦩꦺꦴꦔꦤ꧀ | ||
---|---|---|
Kabupatèn | ||
| ||
Sesanti: Memayu Raharjaning Praja ꦩꦼꦩꦪꦸꦫꦲꦂꦗꦤꦶꦁꦥꦿꦗ | ||
Pernahé Lamongan ing Jawa Wétan | ||
Nagara | Indonésia | |
Provinsi | Jawa Wétan | |
Kutha krajan | Lamongan | |
Pamaréntahan | ||
• Bupati | vacant | |
• Wakil Bupati | Dra. Hj. Kartika Hidayati, M.M, MHP. | |
Laladan | ||
• Gunggung | 1,812,80 km2 (0,69.993 sq mi) | |
Cacah warga (Sènsus 2015) | ||
• Gunggung | 1,187,795 | |
• Pepadhet | 0,65/km2 (1,7/sq mi) | |
Bebrayan | ||
• Wong | Jawa, Madura, Arab, Cina dll. | |
• Basa | Jawa, Madura lan Indonesia | |
• Kepercayan | Islam 99.12% Kristen Protestan 0.48 % Hindu 0.27% Katulik0.09% Buddha 0.04% | |
Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
Kodhe laladan | (+62) 322 | |
Plat montor | S | |
Situs wèb | www (ing basa Indonésia) |
Kabupatèn Lamongan (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦭꦩꦺꦴꦔꦤ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ لَامَوڠَنْ), mujudaken satunggaling kabupatèn ingkang dumunung wonten Provinsi Jawi Wétan, Indonésia. Ibukithanipun inggih punika Lamongan. Kabupatèn punika ugi wewatesan kaliyan Seganten Jawi wonten sisih lèr, Kabupatèn Gresik wonten sisih wétan, Kabupatèn Majakerta kaliyan Kabupatèn Jombang wonten sisih kidul, Kabupatèn Bojanegara kaliyan Kabupatèn Tuban wonten sisih kilèn.
Lamongan mujudaken satunggaling Kabupatèn ingkang dumunung wonten pasisir lèr Jawi Wétan. Sapérangan wewengkon pasisir minangka wewengkon pagunungan. Wewengkon punika amujutaken rerangkenipun pagunungan kapur lèr. Wonten pérangan tengah minangka dataran andap ingkang sitinipun boten roto, lan sapérangan malih minangka siti bono rowo. Wonten pérangan sisih kidul wonten pagunungan ingkang mujudaken pungkasanipun rerangken Pegunungan Kendeng wonten iring wétan, Bengawan Sala mili wonten pérangan sisih lèr.
Kanthi géografis, Kabupaten Lamongan dunungipun wonten 6° 51’ 54’’ kanthi 7° 23’ 6’’ garis lintang kidul lan antaranipun garis bujur wetan 112° 4’ 41’’ kanthi 112° 33’ 12’’ bujur wetan.[1]
Kabupatèn Lamongan kapérang dados 27 kacamatan, ugi kapérang malih dados pinten-pinten désa lan kalurahan. Punjering papréntahan wonten ing kacamatan Lamongan.
Tetanèn mujudaken satunggaling sèktor perékonomian ingkang wigati sanget wonten Kabupatèn Lamongan. Wewengkon pasisir mujudaken wewengkon perkembangan GERBANGKERTOSUSILA (singkatan saking nama kitha-kitha GRESIK, BANGKALAN, MOJOKERTO, SURABAYA, SIDOARJO lan LAMONGAN).
Kabupatèn Lamongan dipunlangkungi margi ageng Pantura ingkang saged nggubungaken kitha Jakarta – Surabaya, ingkang nglangkungi saurutipun pasisir seganten lèr. Margi punika ugi nglangkungi Wewengkon Kec.Paciran ingkang gadhah kathah panggènan pariwisata. Kitha Lamongan ugi dipunlangkungi margi ageng Surabaya – Cepu – Semarang. Kitha Babat mujudaken persimpangan margi antawis Surabaya-Semarang kaliyan margi Malang-Jombang-Tuban. Lamongan ugi dipunlangkungi margi kereta api jalur lèr Pulo Jawa.
Lamongan gadhah panggènan damel rekreasi ingkang saé tur edi. Ing wewengkon pasisir wonten panggènan wisata ingkang minangka Monumen Van der Wicjk, Waduk Gondang Pasisir Tanjung Kodok lan Wisata Bahari Lamongan utawa Jatim Park-2. Guwa Maharani wonten ing Paciran, wonten pinggirane jalur utomo pantura (margi dalan Daendels ingkang mau dalan Anyer-Panarukan), ya iku guwa kapur ingkang saé. boten tebih saking Guwa Maharani, wonten Makam Sunan Drajat lan Makam Sunan Sendang Duwur, ya iku wali ingkang nyebar agama Islam wonten Pulo Jawa. Kekalih pasaréan punika gadhah kagunan arsitèktur ingkang sanget acorak Majapahit, sacelakipun pasaréan wonten Museum Sunan Drajat.
Lamongan kawentar gadhah dhedaharan ingkang kas ingkang cekap dipuntepangi lan saged kapanggih wonten saindewnging tlatah ing Jawi Wétan, upaminipun soto Lamongan, sekul boranan, tahu campur Lamongan. Wingko Babat mujudaken Jajanan kas saking kitho Babat. Salintunipun punika ugi wonten jajanan kas saking wewengkon Kec.Paciran ingkang kasebat Jumbreg. Salintunipun jumbreg ,Paciran ugi mujudaken wewengkon ingkang ngasilaken who siwalan enem ingkang biyasa dipunsebat ental.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |