| |||
Sesanti: "Satya Karya Kerta Raharja" | |||
Barkas:Locator kabupatèn tangerang.png | |||
Dina Dadi: | ... | ||
Kutha krajan: | Tiga Raksa | ||
Bupati: | |||
Wakil Bupati: | |||
Jembar -Total: | 1.110 km² | ||
Kacamatan -Cacahe: | 26 Kacamatan | ||
Padunung -Total: -Kapadhetan: | +/-3.187.000 (2003) +/-2.870 jiwa/km² | ||
Suku Bangsa: | Wong Batawi, Wong Sundha, Wong Jawa | ||
Agama: | Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda | ||
Basa: | Basa Batawi, Basa Sundha lan Basa Indonésia |
Kabupatèn Tangerang iku kabupatèn ing Provinsi Banten, pernahé ing sisih kulon Pulo Jawa, Kutha Tiga Raksa iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Balaraja lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.110 km². Gandhèng karo anané pamekaran wewengkon, sawatara kacamatan ing Kabupatèn Tangerang sabanjuré lumebu wewengkon Kutha Tangerang Kidul. Kacamatan-kacamatan sing ilang saka wewengkon Kabupatèn Tangerang yaiku: kacamatan Ciputat, kacamatan Pamulang, kacamatan Pondok Aren lan kacamatan Serpong.
Kabupatèn tangerang dumunung ing koordinat géografi: 6°00’-6°00-6°20’ Lintang kidul lan 106°20’-106°43’ Bujur wétan
Sapérangan gedhé wewengkon Tangerang wujud dhataran cendhèk. Kali Cisadane, kali sing paling dawa ing Tangerang, mili saka kidul lan sungapané ing Sagara Jawa.
Tangerang minangka wewengkon perkembangan Jakarta. Lumrahé, Kabupatèn Tangerang bisa diklompokaké dadi rong wewengkon pertumbuhan, yaiku:
Miturut asil pencacahan Sensus Penduduk 2010, gunggung sing ndunungi Kabupatèn Tangerang ana 2.838.621 jiwa, dumadi saka 1.454.914 lanang lan 1.383.707 wadon. Asil SP2010 mau nuduhaké yèn panyebaran sing ndunungi Kabupatèn Tangerang isih bertumpu ing Kacamatan Pasarkemis yaiku 8,34 persèn, sabanjuré Kacamatan Cikupa 7,94 persèn, Kacamatan Kelapa Dua 6,43 persèn lan kacamatan liyané sangisoré 5 persèn[1].
Kabupatèn Tangerang katata sajeroning 36 kacamatan, 77 kalurahan lan 251 désa[2]. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Tangerang yaiku:
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |