Kejaksaan Agung (dicekak Kejakgung utawa Kejagung) iku lembaga penyelenggara kakuwasan nagara ing babagan penuntutan sarta kewenangan liya miturut Undhang-Undhang, kang dunungé ana ing kutha krajan nagara Indonésia lan laladan hukumé nyakup wewengkon kakuwasan nagara Républik Indonésia.
Kejaksaan Agung, Kejaksaan Tinggi (dumunung ing kutha krajan provinsi lan laladan hukumé nyakup wewengkon provinsi) lan Kejaksaan Negeri (dumunung ing kutha krajan kabupatèn/kutha lan laladan hukumé nyakup wewengkon kabupatèn/kutha) minangka kakuwasan nagara mligi ing babagan penuntutan, kang kabèh mau minangka siji kesatuan kang wutuh kang ora bisa dipisahaké.
Unsur pimpinan Kejaksaan Agung dumadi saka Jaksa Agung lan Wakil Jaksa Agung, kaloroné minangka siji kesatuan.
Déné unsur pembantu pimpinan yaiku Jaksa Agung Muda lan Wakil Jaksa Agung Muda. Ana 6 Jaksa Agung Muda, yaiku: