Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Kenari | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Burseraceae |
Génus: | Canarium |
Jeneng binomial | |
Canarium indicum L. Canarium vulgare Leenh. |
Kenari (Canarium amboinense Hoch.) ya iku tetuwuhan kang kalebu anggota suku Burseraceae kang ndarbèni potènsi ékonomi.[1] Tuwuhan iki asalé saka Malesia wétan lan dijupuk wohé kanggo dipangan, mligi ing pérangan wijiné.[1] Ing Indonésia, laladan kang ngasilaké kenari ya iku Maluku nganti Vanuatu.[1] Kenari uga ana ing nagara liya ya iku Afrika, Nigeria Kidul, Madagaskar, Cina kidul, India, Filipina, lan pérangan kidul Asia.[1]
Gagangé jejeg kanthi warna pegagan klawu, kayuné putih, sarta téras coklat tuwa.[1] Yèn kulité diiris, ngetokaké tlutuh kenari kaya damar.[1] Wiwitané awerna putih lan kraket, banjur dadi kaya lilin awerna kuning pucet.[1] Tlutuh iki diarani gum elemi.[1] Gum elemi nduwni tekstur empuk, wernané rada putih, ambuné wangi kaya terpentin.[1] Wit kenari ngasilaké gum mung nalika godhong wiwit thukul.[1] Nalika mangsa katiga, wit mau ana ing mangsa dorman, tanpa godhong, lan ora ngasilak resin.[1] Minyak elemi ora digunakaké kanthi akèh ing indhustri lenga wangi.[1] Trakadhang lenga elemi minangka bahan pewangi sabun lan preparasi teknik kang regané murah.[1] Nanging, miyak iki jumbuh digunakaké minangka bahan baku kanggo nggawé isolat fellandren kang minangka nggawé senyawa lenga atsiri tiruan.[1] Gum elemi wis suwé minangka plaster farmasi, salep, lan kanggo wènèhi sipat manteb ing vanish.[1]
Sistem oyod tuwuhan kenari ya iku sistem oyod tunggang.[1] Ing sistem oyod tunggang, oyod primer siji utawa luwih ana oyod lateral kang nggantèkaké akar primer ing tahap wiwitan perkembangan cambah.[1] Cambah tuwuh luwih rikat lan dadi luwih gedhé sarta kuway tinimbang oyod-oyod liyané, saéngga kawentuk siji utawa luwih oyod-oyod utama.[1]
Godhongé majemuk nyirip gasal kanthi 4-5 pasang pinak godhong kang ndrojog ndawa lan permukaané lunyu.[1] Godhong kenari ora duwé godhong penumpu.[1]
Wujud kembangé malai, nduwé kelamin siji, zigomorf, kelopak lan mahkotané wilangan 5, godhong kelopak lan godhong makutha wilangan 5, godhong makutha bébas.[1] Benang kasusun ing rong bunderan kang ora jangkep.[1]
Bakal woh nduwé ruang 2 nganti 3, saben ruang ana siji nganti loro bakal wiji kang apotrop lan epitrop.[1] Wohé ana wijiné, gèpèng, dawa, ana 2-3 wiji ing saben woh.[1] Werna woh kenari ya iku ijo lan dhapuré bunder kara endhog.
Wiji kenari ngandhut lemak manis. Wijiné kang garing ngandhut 65% lenga lemak (= ester, asem stearine, palminine, oleine, lan lenga wijen).[1] Minyak lan lemak iku bahan tandhon wigati ing awak tetuwuhan kang asring tinemu ana wijiné.[1] Lemak lan lenga ya iku gliserida asem lemak.[1] Béda antarané lemak lan lenga padatan ing sipat fisiké.[1] Ing suhu normal, lemak awujud padhet lan miyak awujud cair. Lemak jarang disimpen ing godhong, gagang, lan oyod nanging akèh kang disimpen ing wijiné.[1] Lemak mesthi disimpen ing bagyan mirunggan ing sitosol lan asring tinemu atusan nganti éwonan ing saben sèl kang nyimpen lemak mau.[1] Pérangan iki diarani lipid sferosom lan oleosom.[1] Oleosom iki bosa diisolasi saka wiji kanthi wujud murni, saéngga bisa ditliti komposisi lan pérangan-pérangané.[1]
Budidaya kenari nggunakaké wijiné. Bathok wiji kuwo atos banget, mula prelu dianakaké pengikiran kanggo nggampangaké mlebuné banyu.[2] Prosès iki bisa nyepetaké perkecambahan saka 6-12 minggu dadi 3 minggu.[2] Kanggo ngakèhi winih, apiké digawé persemaian redan sawisé dhuwuré winih 0,5 cm.[2] Banjur dipindhah menyang papan kang wis disedyakaké lan ditandur kanthi jarak paling cendhak 10 m.[2] Woh sapisan kudu ditunggu udakar 7-10 taun.[3] Kanggo kebaké wit kenari kang subur kudu nunggu nganti 30 taun.[3] Nanging, yèn nandur wit kenari kanthi cara nyangkok, woh kenari bakal awoh sawisé umur 2-3 taun.[3]
Kenari dimangertèni nduwé èfèk pisitif kanggi kasarasan.[4] Woh kenari bisa ngudhunaké lemak ala, kolesterol, nyegah balung kropos nganti nglawan lelara kanker.[4] Kenari iku salah sawijiné tuwuhan kang dadi sumber protèin kang apik.[5] Kenari ngandhut kadhar polifenol kang dhuwur banget.[5] Polifenol iki minangka antioksidan kang ngayomi awak saka molekul kang bisa ngrusak jaringan.[5] Kandhutan polifenol iki bisa ngudhunaké rèsiko kena lelara kanker.[5] Sumber lemak omega-3 lan alpha linoleic acid (ALA) ana ing wiji kenari bisa ngundhakaké fungsi arteri, pembuluh getih kang nggawa getih saka jantung.[5] Saéngga kasarasan jantung bisa kajaga kanthi apik. Mangan kenari saben dina uga bisa nbantu nyegah kawentuké batu empedu.[5]
Lemak ora jenuh kang ana ing kenari bisa mbantu ngudhunaké kolesterol ala lan senyawa lipoprotein kang bisa njalari aterosklerosis kanthi cara ngundhakaké pambekuan getih.[5] Kenari uga ngandhut asem amino esensial kang diarani L-arginine.[5] Asam amino iki bakal diowahi dadi oksida nitrat kang mbantu ngundhakaké iliné getih ing jero awak lan nyegah nyempité arteri.[5] Kenari asring diarani panganan utek amarga sugih omega-3 lan asem lemak kang ndarbèni peran utama ing fungsi optimal saka sèl-sèl utek, saéngga bisa nggawé pinter.[5] Senyawa melatonin uga tinemu ing kenari.[5] Maletonin iki mbantu banget kanggo ngurangi insomnia lan gangguan turu.[5] Kajaba kanggo kasarasan awak kang umum, kenari uga migunani kanggo wong lanang kang lagi ngarepaké anak. Ing woh kenari ngandhur asem lemak séhat kang bisa mbantu ngundhakaké kualitas sperma.[6] Kanthi cara nindakaké diet paling rikat 12 minggu ditambah mangan woh kenari kabukti bisa ngundhakaké prodhuksi gunggungé sperma lan kualitas sperma.[6]