Kepel atau burahol | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Filum: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Annonaceae |
Génus: | Stelechocarpus |
Spesies | |
Tuwuhan kepel utawa burahol (Stelechocarpus burahol) ya iku wit kang ngasilaké woh hidangan méja kang dadi flora identitas Dhaérah Istiméwa Yogyakarta. Woh kepel disenengi déning puteri karaton-karaton ing Jawa amarga dipercaya bisa gawé kringet duwé ambu kang sedhep lan banyu uyuh kang ora mambu.[1] Ing Jawa wetan ana uga sing ngarani simpol lan kecindhul. Ing Sunda uga ana sing ngarani turalak.
Kepel iku kalebu ing kulawarga Annonaceae. Wit kepel bisa tuwuh nganti dhuwur 25 mèter lan dhiamèteré 40 sèntimèter. Galihé benjol pratandha tilas kembang lan godhong. Godhong tunggal kanthi ukuran 2-6 cm ngelonjong. Godhongé ijo tuwa lancip. Kembangé tunggal lan arum gandané. Kembang lanang ana ing bageyan dhuwur lan nggerombol 8-16. Kembang wadon ana ing ngisor. Wohé soklat klawunan. Wohé uga arum lan rasané legi. Wijiné werna ireng lan ana 4-6 saben woh.[2]
Wit kepel kasebar ing Asia kidul wetan nganti kepuloan Solomon. Kepel bisa tuwuh ing alasa sekundhèr utamané ing lemah teles. Tetanduran iki bisa tuwuh ing lemah 600 mèter ing dhuwur samodra. Kepel bisa tuwuh kanthi wiji.
Wit iki bisa dadi tetuwuhan hias. Ana ing pekarangan bisa kanggo éyup-éyup. Kayuné bisa kanggo prabot omah lan piranti wangunan. Wohé bisa dipangan langsung utawa dadi jus. Kepel bisa kanggo obat lan kosmètik. Buah iki uga bisa nyepetaké regenerasi sèl lan nggawé awèt enom.[3]