Goryeo cheongja utawa keramik hijau Goryeo ya iku jinis kerajinan keramik warna ijo (Basa Inggris:celadon) kang diciptakake ing jaman Dinasti Goryeo (935-1392) di Koréa.[1][2][3][4][5][6][7] Celadon duwé ciri kas warna biru-rada ijo amarga métodhe pengglasiran kanthi kusus. Sanajan tèhnik gawene dikenalake saka Cina, Goryeo cheongja kasl diciptakake pengrajin Goryeo kanthi gaya lan métodhe kang béda. Ing Goryeo, keramik iki saliyané minangka perabot rumah tangga, uga dianggep karya seni kang didol minangka komoditas perdagangan.
Wujud kang akèh digawé ya iku jinis piranti pawon lan rumah tangga, natarane vas kembang, mangkok, piring, teko, tempayan, cawan, pembakar dupa, kotak perhiasan, guci lansapanunggalane.[4]
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Goryeo_celadon. |