Kirsten Hastrup ya iku ahli antropologi wanita saka Kopenhagen, Dhènemarken, kalairan ing taun 1948[1]. Kirsten naté olèh pandhidhikan pawiyatan luhur ana ing University of Copenhagen (Mag.Scient.) ing taun 1973[2][3][4]. Sabanjuré ing University of Oxford (D.Phil.) ing taun 1980 lan ing University of Copenhagen (Dr.Scient.Soc.) ing taun 1990[2]. Panlitian lapangan antropologis kang linakonan déning dhèwèké ya iku ana ing Èslan ing taun 1981 nganti 1982 , Indhi ing taun 1975, lan ing Kolombia ing taun 1988[1][4]. Karya-karya akadhemis kang sinerat déning dhèwèké ya iku antarané Nature and Policy in Iceland 1400–1800. An Anthropological Analysis of History and Mentality (taun 1990), A Passage to Anthropology. Between Experience and Theory (taun 1995), A Place Apart. An Anthropological Study of the Icelandic World (1998), lan Studying Action. Anthropology in the Company of Shakespeare (taun 2003)[1][4]. Kirsten iki duwé pisumbangan ing bab ètnografi Èslan. Uga dhèwèké mratèlaké lan ngembangaké bab tèori antropologi kontemporèr, èpistemologi, lan praktik ètnografi[1].