Kroncong | |
---|---|
Asal-usuling aliran | musik Portugis |
Sumber kabudayan | abad kaping 16 Indonésia |
Piranti musik | Vokal – Ukulélé (cak, cuk) – sélo – gitar – bass – suling – piyul |
Moncèr | Indonésia, Malaysia, Singapura, lan Nèderlan wiwit 1960-an |
Wujud turunan | Gambang Kromong – Tanjidor – Langgam Jawa – Campursari |
Subgenre | |
Kroncong Koes Plus – Kroncong Beat | |
Genre campuran (fusion) | |
Pop Kroncong – Kroncong Dangdut | |
Vèrsi nggon-nggonan | |
Kroncong Tugu – Kroncong Johor | |
Topik liyané | |
Musik ing Indonésia |
Kroncong ya iku jinising lelagon kanthi témpo alon kang migunaké flute, sélo, piyul, cak, lan cuk. Lelagon iki minangka akulturasi antarané kabudayan Portugis lan Nuswantara. Sabanjuré, kroncong dadi kabudayan Indonésia kang kawentar ing jaman wiwitan kamardhikan.
Mula bukaning kroncong isih sasar-susur. Ana kang nyebut asli Indonésia, ana kang nyebut gawanan Portugis. Nanging kang paling akèh ditampa bebrayan ya iku kroncong iku asli Indonésia.[1]. Manut Denny Sakrie, ananing kroncong ing Nuswantara kababag dadi patang jaman,[2] ya iku:
Udakara abad angka 19, kroncong dadi kondhang lan nyebrang tekan Ujung Malaya. Kroncong banjur nglebur karo kabudayan lokal. Upamané, ing 1950-an, kroncong nglebur karo gamelan Jawa dadi langgam. Ing antarané kang kawentar nyindhèn kroncong langgam jawa ya iku Waljinah. Kroncong ngancik pucuking kondhang ing taun 1960-an lan banjur nyusut kadhesek déning lagu populer.
Sebutan "Kroncong" dinuga saka suara krincingan krincing rebana. Swara iki keprungu dadi latar kang ngreroncé swara instrumèn liyané, nalika tabuh lerem utama lumaku. Thuthukan swarané luwih rikat tinimbang swara panembang (penyanyi) lan mélodi. Lelagon kroncong iki diracik, lumrahé, nganggo cak, cuk, sélo, gitar, lan kontra bass. Cak lan cuk digunakaké kaya déné ricikan ing gamelan. Ing jaman wiwitan kroncong, nganggoné cavaquinho, gitar cilik nganggo senar waja papat. Cavaquinho banjur diréka dadi prounga (senar telu nganggo nilon) kanthi swara cendhèk. Cavaquinho uga diréka nganggo senar nilon papat kanthi swara dhuwur.[3]
"Cak", kang senaré papat, dipetik nganti wolung (8) petikan saben sa thuthukan ing wirama 4/4. Ana kalané nganggo senggakan. "Cuk", kang senaré telu, metik kanthi cara arpeggio lan tremolo migunakaké plèktrum kanthi ngukuhaké pas thuthukan. Cak lan cuk bebarengan ngisi, sesautan nyawiji kaya déné swara "kron" lan "cong."
Sélo kang kanggo ing kroncong bisa nganggo kang senaré telu. Senar nilon dipetik kanthi rikat utawa migunakaké bethotan saka jiwitan jempol lan driji. Swara gitar ngiringi cak lan cuk kanthi gegayuhan skala swara kang luwih dawa. Gitar nggenepi chord utawa wot-wotan (bridge) lagu. Bass nambahi gayeng kanthi cara kaya déné gong ageng ing gamelan.
Ing piranti musik kang nyuwara mélodi, ana penyanyi, suling, lan piyul. Biola lan suling ana kalané dadi bebuka lagu.
Lumrahé, kroncong migunakaké kunci mayor kanthi aransemèn skala minor. Nalika ing langgam jawa, kroncong tetep migunakaké not kang umum ing musik kulonan (Western), nanging diréka supaya laras karo gamelan kang skalané luwih cendhèk.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |