Kuwawung | |
---|---|
Rhynchophorus bilineatus from New Guinea | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Coleoptera |
Famili: | Curculionidae |
Génus: | Rhynchophorus Herbst, 1795 |
Sinonim | |
|
Kuwawung, utawa wawung ya iku jinis kumbang kang dikenal dadi ama tumrap tuwuhan klapa[1] , saka génus Rhynchophorus. Ukurané kalebu gedhé tumrap lumrahé kumbang, watara 2–5 cm lan lumrahé warna soklat tuwa gumantung saka spésièsé. Ing basa Indonésia diarani kumbang badak (kumbang warak) amarga duwé sungu siji kang mèmper warak[2].
Kuwawung ngrusak tuwuhan klapa kanthi nlusup ana ing pucuk wit klapa, banjur ngenani janur kang isih wujud tumbak. Wit klapa kang kaserang kuwawung katon saka blaraké kang rusak lan mbentuk segitiga. Lumrahé kuwawung mabur ngampiri wit krambil nalika surup utawa wayah wengi.
Kuwawung lumrahé ngendhog ana glugu kang teles lan gapuk. Endhogé watara 3 mm lan sawisé 11-13 dina banjur netes dadi urèt minangka stadium larva. Kuwawung ngalami métamorfosis sampurna[3].