Lindswell Kwok yaiku ratuning wushu saking Indonesia. Wanita kang miyos ing Binjai, 24 September 1991 punika sampun dados juwara langgananipun lomba wushu ing internasional. Paling caket, piyambakipun dados juara wushu cabang Putri Asian Games 2018 ing Palembang. Samenika, kenya kang asring katimbalan Lidswell punika sampun "gantung sepatu" .[1]
"Witing tresna jalaran saka kulina", ature tiyang Jawa menika trep kaliyan Lindswell Kwok ingkang sansaya maḍep anggenipun baḍe nyinauni wushu. Putri saking Kwok Eing Hin lan Nur Aini punika sampun tepang lan asring glaḍen wushu sanajan tasih kaliyan kangmasipun, Iwan Kwok, saking yuswa 8 warsa. Piyambakipun lajeng mlebet ing Padhépokan Yayasan Kusuma Wushu Indonesia di Medan nalika yuswane ngancik 12 tahun. Wiwit punika Lindswell Kwok kados kélangan donya jaban rangkahipun, amargi ketatipun anggénipun gladhén. Piyambakipun gladhén paling sekedhik 4 jam sedinten. Bibar gladhén sesarengan, piyambakipun taksih nglajengaken gladhén piyambak dumugi tabuh 23.00. Sanajan gladhénipun awrat, ananging kasilipun boten nguciwani. Saperangan juara ingkang saged dipun-gayuh inggih punika :
Yekti bilih Lindswell Kwok menika pancen pantes nyandhang gelar "Ratu Wushu" inggih menika prestasinipun ingkang boten sakedhik. Manéka medhali saking rangkah nasional dumugi internasional sampun kasil karengkuh dening Lindswell, kados ta :
Mentèrèngipun cahya kanuragananing Lindswell wonten ing puncak nalika ASIAN GAMES. Lomba olahraga tingkat ASIA punika kababar ing Palembang, Sumatra Selatan, Indhonésia warsa 2018 kapungkur. Nalika samanten, sanajan sampun wasis ing lomba internasional, ananging piyambakipun tasih kraos grogi utawa ndhredheg sadèrèngipun lomba. Malalahan ngantos boten kersa dhahar amargi wewayangan medali emas. Sukur, anggenipun ndhredheg punika boten ngaruh ing panampilan.[3]
Sejatosipun, kawit 2015 kapengker Lindswell Kwok sampun kagungan ancas pensiun. Ananging kangge pungkasan, piyambakipun ngantosi ASIAN Games amargi tasih kagungan gegayuhan badhe nyabet medhali emas. Donga lan upayanipun boten nguciwani, samanten ugi kasilipun. Medhali emas saged karengkuh, jangkep kaliyan sedaya bebingan ingkang kasumadyakaen dening pemerintah indonesia. Kados ta arta jangkep 1,5 M, griya, lan mobil. saestu bebingah ingkang fantastis. Anggenipun pensiun punika boten namung amargi sampun ngrengkuh prestasi lan bebingah ingkang kathah, ananging wanita 27 warsa punika ugi menggalih bab cidera ingkang nate pun raosaken. Bilih piyambakipun tasih wonten wushu, boten mukal ing mangke cideranipun sansaya nemen. Lidswell punika kagungan kapitadosan bilih anggenipun pensiun saking wushu punika saestu pas wayahipun, amargi benjang tamtu kemawon badhe wonten gantosipun ingkang langkung sae saking para kawula mudha Indonesia. kapitadosanipun punika ugi minangka pandonga, mrih Indhonésia tasih saged jaya.[4]
Margi pagesanganipun Lindswell Kwok punika dados inspirasi kangge kathah tiyang. wonten moto gesangipun Lidswell Kwok, inggih punika "Jangan berdoa untuk kehidupan yang mudah. Berdoalah untuk kekuatan untuk menanggung yang sulit". Tegesipun, sampun kita nyuwun pun paringi pagesangan ingkang sarwa gampil, ananging kedahipun nyenyuwun murih pun paringi kekiyatan kangge nglampahi pagesangan punika.
Bibar mentas minangka ratuning Wushu ASIAN GAMES, Lindswell nuli nggayuh pagesangan sanesipun, inggih punika pagesangan bebrayan. Mbokbilih boten kathah ingkang mangertos bilih kawit 2017 Lindswell punika kagungan gegayutan kaliyan Achmad Hulaefi, kancane ing olahraga ingkang samenika dados garwanipun. Lindswell lan Achmad Hulaefi menika caket sampun dangu. Amargi kekalihipun sami betahaken satunggal lan sanesipun, mliginipun kangge ngendhoni masalah ingkang wonten ing tim. sanesipun menika, ugi nalika lomba ing China, Achmad Hulaefi asring nyuwun tulung dhateng Lindswell Kwok kangge micara ing basa Mandarin. Sanajan kathah tembok pamisah kekalihipun, ananging pungkasan saged nyawiji. Tembok pamisah ingkang paling awrat inggih punika bab agama. Menawi Lindswell punika nganut Buddha, déné Achmad Hulaefi punika nganut Islam.
Asring caket, cariyos babagan kegiyatan, lajeng Achmad Hulaefi menika ngandharaken bilih badhe mlampah ing tahap salajengipun. Lindswell nuli cariyos ing kangmasipun, kalajengaken dhateng keng Ibu. Panulakan saking kluwarga boten saged katangkis ngantos wonten "jarak" lan pedhoting hubungan kulawarga. Ananging puji syukur, tasih wonten panengah saengga Lindswell lan Achmad ing pungkasanipun saged dhaup nalika 9 Dhésèmber 2018. Lindswell, ingkang saderengipun nganut agami Buddha malih dados mualaf. Menapa Lindswell muallaf amarga tresna ? Boten. Kasunyatanipun, piyambakipun sampun dados muallaf kawit 2016 kapengker, ananging boten kathah ingkang mangertos.[5] Minangka ingkang ngabekti mring garwa lan agama, Lindswell sansaya sae anggenipun nyinau bab agama. Kathah foto ingkang nedahaken bilih sapunika Lindswell sampun ngangge ageman lan jilbab ingkang sae lan syar'i.
Déné piyambakipun samenika langkung kathah wonten griya ngurusi garwa. ananging Lindswell menika boten kirang kegiyatan, amarga piyambakipun saweg ngurusi merk sandhangan utawi clothing line ingkang badhe kababar. Déné Hulaefi, garwanipun, langkung sibuk makarya dados PNS sinambi ngasta wushu.[6]