Lloyd Fallers | |
---|---|
Barkas:Robert McCormick Adams, Elizabeth Munk Oppenheim, A. Leo Oppenheim, and Lloyd Fallers.jpg Lloyd Fallers (far right) with (from left to right) Robert McCormick Adams, Elizabeth Munk Oppenheim, and A. Leo Oppenheim | |
Lair | Nebraska City, Nebraska | 29 Agustus 1925
Pati | Juli 4, 1974 |
Alma mater | University of Chicago |
Pakaryan | professor |
Bojo | Margaret Fallers[1] |
Lloyd A. Fallers ya iku ahli antropologi lan sosiologi saka Nebraska, Amérikah Sarékat, kalairan 29 Agustus 1925[2][3]. Lloyd olèh pandhidhikan saka ing University of Chicago. Ing taun 1946, dhèwèké olèh gelar Ph.B., MA taun 1949, lan Ph.D. taun 1953[3]. Minangka antropolog, dhèwèké nglakoni panlitian ana ing Uganda (taun 1950, 1954) lan Turki (1964, 1968)[2][3]. Karya-karya akademis kang tinulis déning Lloyd ya iku antarané Bantu Bureaucracy: A Study of Integration and Conflict in the Political Institutions of an East African People (1956), The King’s Men: Leadership and Status in Buganda on the Eve of Independence (1964), Law without Precedent: Legal Ideas in Action in the Courts of Colonial Busoga (1969), lan The Social Anthropology of the Nation-state (1974)[2]. Lloyd iki dadi salah siji kumpulan cilik antropolog enom Amérika kang sinau ing Inggris[2]. Dhéwéké karenan ing bab pulitik, amarga iku akéh pakaryané kang ngandung bab kajian antropologi negara bangsa (nation-state). Lloyd séda ing Chicago, Illinois tanggal 04 Juli 1974[3].