Ludruk iku kagunan panggung sing asalé saka Jawa Wétan. Pramila, Ludruk iki mijil saka kesenian rakyat jenengé Besutan, kagunan besutan iki biyèn dipéntaské ing ratan ditonton dening wong akèh.
Ludruk kasebar ing tlatah Jawa Wétan sing budayané budaya Arekan, wiwit saka Jombang nganti Jember.
Ludruk iki béda karo kethoprak, amarga ludruk caritané prakara panguripan sadina-dina lan sok-sokan nyritakaké prakara kaanan anyar kaya ta kadadéan ing nagara. Lumrahé ludruk dibukak karo tandhak lan kaya jogèd ngremo, utawa beskalan putri yèn ludruk cara Malangan. Pambukané ludruk lumrahé kawujud parikan (nembang/ngidung) sing isiné ana gandhèng cènèngé karo kaanan anyar.
Dhialog ing ludruk iki lumrahé nganggo dhialèk Surabayan, sawatara Ludruk ing tlatah Prabalingga, Lumajang lan Jember nganggo basa Madura.
Salah sijining protagonis ludruk sing misuwur ya iku pak Sakera, jagowané wong Madura.