Informasi pribadi | |||
---|---|---|---|
Jeneng lengkap | Maman Abdurrahman | ||
Tanggal lair | 12 Mei 1982 | ||
Papan kelairan | Jakarta, Indonesia | ||
Dhuwur | 1,74 m | ||
Posisi bermain | Bek | ||
Informasi klub | |||
Klub saiki | Persija Jakarta | ||
Nomer | 56 | ||
Karir Junior | |||
1996–1998 | PS PAM Jaya | ||
1998–2000 | Persijatim | ||
Karir senior | |||
Tahun | Tim | Tampil | (Gol) |
2001–2005 | Persijatim Solo | 23 | 3 |
2005–2008 | PSIS Semarang | 54 | 4 |
2008–2013 | Persib Bandung | 121 | 4 |
2013–2014 | Sriwijaya | 11 | 0 |
2014–2015 | Persita Tangerang | 35 | 3 |
2016– | Persija Jakarta | 92 | 2 |
Tim Nasional | |||
2003–2005 | Indonesia U-23 | ? | ? |
2004–2010 | Indonesia | 27 | 0 |
Maman Abdurrahman (lair tanggal 12 Mei 1982 ing Jakarta, Indonesia) minangka pemain bal profesional saka Indonesia sing main dadi bek ing Liga 1 kanggo klub Persija Jakarta.
Piyambakipun damel debut ing PS PAM Jaya ing musim 1996-1998. Sawise iku, dhèwèké main ing klub Persijatim ing musim 1998-2000.
Miwiti karir senior ing taun 2001 ing Persijatim Solo FC, dhèwèké main telung musim (2001-2004) kanggo tampil 13 kaping lan ngetung 3 gol. Ing taun 2005, dhèwèké gabung karo klub PSIS Semarang, main uga telung musim ing taun 2005-2008. Lan bisa ngetung siji gol ing 34 penampilan.
Ing taun 2008, dhèwèké ditapakastani Persib Bandung lan dadi regu pertama.
Ing 2013, dhèwèké lumebu kontrak karo Sriwijaya FC kanggo wektu sing suwé. Lan ing 2014, dhèwèké ditapakastani déning Persita Tangerang kanggo saingan ing Liga Premier Indonesia.
Pungkasane, ing 2016, dhèwèké ditapakastani dening Persija Jakarta kanggo saingan ing piala nasional sing ora resmi. Lan wiwit wiwitan Liga 1, dhèwèké dadi pemain wigati kanggo klub Persija.
Ing sasi Desember 2019, Persija ora nganyari kontrak Abdurrahman[1].
Debut internasional Abdurrahman ing skuad senior tim nasional nglawan Malaysia tanggal 23 Agustus 2006 ing Pertandingan Merdeka; Indonesia entuk seri 1-1. Ing Piala Asia 2007 dhèwèké main kaping 3; Indonesia menang 2-1 nglawan Bahrain, kalah 1-2 menyang Arab Saudi lan kalah maneh 0-1 menyang Korea Selatan ing pertandingan pungkasan ing Grup D. Dhèwèké dadi kapten tim Indonesia nalika pertandingan nglawan Thailand ing Piala Suzuki AFF 2010.
Persija Jakarta
Internasional
Pengharaan Individu