Max Boot | |
---|---|
![]() Boot (2024) | |
Lair | 12 Sèptèmber 1969 Moscow, Uni Soviet (saiki Russia) |
Pakarya | Penulis, sajarawan |
Wiyata | Universitas California, Berkeley (BA) Universitas Yale (MA) |
Dulur | Alexander Boot, Bapak |
Situs jaringan | |
MaxBoot.net |
Max Boot (lair ing Ruslan, 12 Sèptèmber 1969) ya iku panulis, kolumnis lan sajarawan kondhang saka nagara Ruslan.[1] Saliyané dadi panulis lan sajarawan, Boot uga dadi analis keamanan nasional. Dhèwèké uga salah sawijining wong kang ana ing Studi Keamanan Nasional ing Déwan Hubungan Internasional Amérikah Sarékat karo Jeanne J. Kirkpatrick.[2]
Max Boot anak saka Alexander Boot lan Penelope Blackie. Bapaké duwé pagawéyan dadi dosèn ing Universitas Moskwa ing Moskwa. Ibuké duwé pagawéyan dadi pianis. Max Boot ora gedhé ing Ruslan, nanging dhèwèké gedhé ing Los Angeles, Amérikah Sarékat. Bapak lan ibuké Max Boot kuwi wong Yahudi Ruslan lan biyen bapak ibuké tau nglakokaké migrasi saka Uni Sovyèt menyang Los Angeles taun 1976.Taun 1991, Max Boot lulusan saka Jurusan Sajarah Universitas California ing Berkeley lan olèh gelar BA ing studi Sajarah. Dhèwèké uga olèh gelar Master saka Jurusan Sajarah ing Universitas Yale. Boot duwé bojo lulusan saka Fakultas Hukum Universitas Harvard.[3][4]
Wiwit isih dadi mahasiswa, Boot wis sregep nulis ing kolom-kolom berita, utamané ing koran mahasiswa, ya iku The Daily Californian. Saliyané nulis ing kolom-kolom berita, Boot uga dadi pambesut utawa editor lan panulis ing koran Amérika, ya iku Christian Science Monitor taun 1992 tekan 1994. Dhèwèké nduwèni akèh pagawéyan ing babagan médhia utawa koran. Boot uga dadi panulis ing USA Today, New York Times, lan dhèwèké pindhah nulis menyang Wall Street Journal suwéne 8 taun. Nalika dadi panulis, Boot tau nulis ing koran babagan investigasi prakara hukum kang duwé jeneng "The Rule of Law". Sawisé nulis investigasi kuwi, Boot banjur olèh promosi dadi pambesut surat kabar.[5]
Taun 2002, Boot metu saka Wall Street Journal lan dhèwèké banjur duwé pagawéyan anyar ing Déwan Hubungan Luar Negeri minangka Senior Fellow ing babagan Studi Keamanan Nasional. Ing taun 2002, Boot uga nulis buku studi ing babagan perang kang ana gegayutané karo sajarah Amérika, ya iku buku Savage Wars of Peace. Nanging, buku kang ditulis karo Boot kuwi mau olèh tanggepan saka tokoh-tokoh. James A. Russel kandha yèn Boot ora nglakokaké panelitian kritis ing buku kuwi.[6] Ana uga tanggepan kang apik lan positif marang buku kang wis ditulis déning Boot, ya iku tanggean saka Victor Davis Hanson. Dhèwèké ngandakaké yèn narasi kang ditulis déning Max Boot kuwi apik yèn diwaca lan didaktik. Saliyané kuwi, buku kang ditulis Max Boot bisa menang ing pangaji-aji General Wallace M. Greene Jr saka Marine Corps Heritage Foundation taun 2003. Buku kuwi mau olèh dadi buku kang paling apik. Taun 2006, Max Boot nulis lan nyétak tulisan analisis révolusi ing babagan téknologi militèr kang duwé judhul War Made New. Tulisan Maxx Boot ing buku kuwi nuduhaké yèn militèr bisa kaleksanan sedyané nalika duwé sistem administrasi lan susunan struktur kang apik kanggo mangsa ngarep.[7]
Saliyané nulis karya, Boot uga duwé karir ing babagan politik. Taun 2007-2008, Max Boot dadi panaséhat kebijakan luar negeri kang wis sénior kanggo kampanyé john McCain. Taun 2011-2012, dhèwèké uga dadi panaséhat kanggo Mitt Romney, lan taun 2015-2016 dadi panaséhat Marco Rubio. Nalika ana mangsa pemilu ing Amérika Sarékat, dhèwèké dadi salah sawijining wong kang ora bisa narima calon prèsidhèn Donald Trump. Nalika pamilihan kuwi mau, dhèwèké gabung ana ing tim kang nyengkuyung calon démokratik Hillary Clinton.[8] [9]
Max Boot duwé pirang-pirang karya awujud buku kang wis ditulis.
Max Boot duwé pirang-pirang pangaji-aji[1]
Taun | Pangaji-aji |
---|---|
2019 | Finalis kanggo Pulitzer ing biografi |
2019 | Salah sawijining "Imigran Hebat" Amerika saka Carnegie Corp. |
2018 | Salah sawijining wong saka 50 wong Yahudi Amérika kang paling duwé daya pangaribawa saka Forward |
2007 | Pangaji-aji Eric Breindel kanggo Keunggulan ing Jurnalisme Opini |
2004 | Salah sawijining wong saka 50 wong Amérika kang paling duwé daya ing kebijakan luar negeri déning Dewan Urusan Dunia Amerika |
{{cite web}}
: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)