Meyer Fortes ya iku ahli antropologi saka ing Britstown, Tanjung, Afrika Kidul, kalairan tanggal 23 April 1906[1][2][3][4]. Meyer naté kuliah ing University of Cape Town (BA) taun 1935 lan MA. taun 1936. Sabanjuré ana ing University of London lan olèh gelar Ph.D. taun 1930. Panlitian lapangan kang dilakoni déning dhèwèké ya iku ana ing Gold Coast (1934), Nigeria (1941), Ashanti (1943), lan Ghana bagéyan lor (1964)[1][3]. Karya-karya kang tinulis déning dhèwèké ya iku antarané The Web of Kinship among the Tallensi (1949), Oedipus and Job in West African Religion (1959), Time and Social Structure and Other Essays (1970), lan Kinship and the Social Order: The Legacy of Lewis Henry Morgan (1970)[1][3]. Dhèwèké iki kawentar minangka panemu lan tèorine ing bab kajian kekrabatan bebrayan Ashanti[1].
{{cite book}}
: CS1 maint: extra punctuation (link)