Aksara Latin
|
Jeneng liyané | Mi pitik, Bakmi ayam |
---|---|
Jinis | Godhogan |
Ajangan | Mangan utama |
Panggonan asal | Indonésia |
Hawa ajangan | Panas |
Woworan pokok | Mi, Iwak pitik, sawi ijo, bumbu |
Variasi | Mi ayam duduh kacampur lan mi ayam duduh kapisah |
Buku masakan: Mi ayam Médhia: Mi ayam |
Mi ayam ya iku panganan awujud mi dicampur iwak pitik sing wis dibumboni. Panganan iki diolah kanthi digodhog lan disajekaké nalika isih panas. Mi ayam iki minangka jajanan kang asring ditemoni ing pinggir dalan.
Manèka tlatah duwé tetenger kang kas ing olahan mi ayam iki. Tuladhané Mi ayam Surabaya iku disajekaké mawa duduh kang kapisah saka mi lan iwak pitiké. Iki duwé ancas supaya para wong mangan bisa nemtokaké dhéwé kepingin duduh kang akèh utawa sethithik utawa malah ora nganggo duduh babar blas. Ing tlatah Surakarta duduh mi ayam disajekaké bareng karo mi lan duduhé luwih kenthel, wernané kasoklatan lan rasané legi. Beda karo duduh mi ayam Surabaya sing bening.
Mi ayam gaya Jakarta lan sabagean kutha Jawa kulon migunakaké pangsit goreng ing duwuré. Pangsit iki digoreng nganti kemripik. Manèka topping uga kadhangkala ditambahake ing mi ayam tuladhané jamur, cèkèr pitik, godhong brambang, bawang goreng.
Cara nggawé mi ayam ora angèl, lan bisa disinaoni. Nggawé panganan iki ya kuwi: