Prodhusèn | Mitsubishi Motors (Mitsubishi Group) |
---|---|
Mangsa sajroning produksi | 1968–present |
Klas | Minivan (1968–present) Pickup truck (1968–1994) |
Wangun rangka | Van (1968–present) Pickup truck (1968–1994) |
Layout | Front-mid engine, rear-wheel-drive (1968–1994) Front-mid engine, four-wheel-drive (1979–1994) Front-engine, rear-wheel-drive (1994–2007) Front-engine, front-wheel-drive (2007–present) Front-engine, four-wheel-drive (1994–present) |
Mitsubishi Delica ya iku salah sawijining prodhuk mobil saka perusahaan Mitsubishi Jepang taun 1968. Mobil jinis iki bisa digunakaké kanggo apa waé amarga mobil jinis Delica kalebu mobil multiguna. Nalika mobil jinis iki metu ana ing taun 1968, mobil iki awujud mobil trek pickup lan van. Mobil Delica wis duwé pasar ing nagara-nagara ing donya, kaya ta Jamaika, Niu Sélan, lan nagara-nagara ing Éropah. Nanging, ing nagara-nagara liya, mobil kuwi mau nduwèni jeneng kang béda-béda.[1]
Delica T100.jpg | |
Uga kasebut |
|
---|---|
Mangsa sajroning produksi | 1968–1979 |
Perakitan | Japan: Nagoya (Nagoya Plant) Indonesia: Pulo Gadung, East Jakarta (PT Krama Yudha Ratu Motor) |
Wangun rangka | 3-door van 2-door pickup |
Layout | front-mid engine, rear-wheel-drive |
Mesin | |
Let sumbu rodha |
|
Mobil sajinis |
|
Kendharaan jinis Delica wiwit diprodhuksi kapisan ing Juli 1968. Modhèl mobil kang diprodhuksi kapisan ya iku mobil pickup. Sawisé kuwi, Mitsubishi uga ngetokaké mobil Delica jinis T90 Canter. T90 Canter ya iku mobil Mitsubishi Delica kang modhèlé pickup lan bisa gawa momotan aboté tekan 600 kg. Sawisé ngetokaké modhèl pickup, mobil Delica uga ngetokaké mobil kang bisa kanggo gawa penumpang ing jeroné. Mitsubishi Delica ngetokaké mobil penumpang amarga panjalukan pasar kang gedhé. Mobil penumpang saka jinis Mitsubishi Delica bisa amot yèn gawa wong akèh cacahé 9 wong. Nanging, mobil Delica kang bisa gawa penumpang mandeg prodhuksi ana ing taun 1976. Mobil jinis Delica iki uga duwé sesebutan liya, ya iku Mitsubishi Colt T100 lan Khmer T120. Mitsubishi Delica jinis Colt T100/T120 dadi salah sawijining jinis mobil Delica kang laris ing pasaran, utamané ing pasar èkspor. Ing Indonésia, mobil jinis Colt T100/120 dadi mobil kang paling laris. Mesin kang dianggo ing génerasi pisan ya iku 1.499cc.[3]
Mitsubishi Motors ngetokaké mobil jinis Delica kang modhèlé anyar. Mobil kuwi mau metu ing Juni 1979. Mobil Delica ing génerasi 1979 nduwèni modhèl kang luwih modhèren tinimbang mobil génerasi sadurungé. Ing génerasi loro, mobil Delica duwé lawang kang digèsèr. Saliyané kuwi uga duwé kursi penumpang kang luwih pènak lan jembar. Kursi kang ana ing njero mobil Delica 1979 kuwi mau bisa amot kanggo wong telu.[4] Mobil Delica génerasi loro iki duwé wilayah pasar ing nagara-nagara ing donya. Ing Ostrali, mobil Delica diarani Chrysler L300 Express lan wiwit meu ing Adelaide sasi April 1979.[5] Saliyané ing Ostrali, uga ana ing nagara-nagara ing Asia, ya iku Pilipina, Indonésia, Koréa Kidul, lan Indhi. Ing Pilipina, mobil Delica génerasi loro diprodhuksi ing taun 1987 kang diarani Mitsubishi L300 Versa Van. Ing Indonésia, mobil génerasi loro uga diarani Colt 300 Diesel pickup.[1]
Taun 1986, mobil Mitsubishi Delica génerasi telu wis wiwit metu. Nanging, ing taun 1986 iki, Mitsubishi Delica duwé desain kang luwih amba, cepet, Ing taun iki, mobil Delica kang bisa kanggo penumpang terus didolaké marang masarakat. Mobil kang modhèlé bisa gawa penumpang ing njeroné, ya iku Starwagon utawa Mitsubishi Express. Mobil Delica kang metu ana ing taun 1986 kuwi mau tetep diterusaké prodhuksiné tekan taun 1998 sanajan wis ana modhèl anyar manèh kang metu ing génerasi telu, ya iku modhèl L400. Taun 2013, Mitsubishi mandeg anggoné prodhuksi mobil jinis Mitsubishi Express kuwi mau amarga ora akèh manèh wong kang minat marang mobil jinis kuwi. Mobil jinis Mitsubishi Express uga duwé tingkat kaslametan kang ora akèh. Mitsubishi Delica génerasi telu uga bisa lumebu ing pasar Asia, Inggris, lan Amérikah Lor.[6]
Mitsubishi Delica génerasi papat metu ana ing taun 1994. Mobil ing génerasi iki bagi-bagi mesin karo mobil Mitsubishi Pajero. Mobil Delica ing génerasi papat uga kasebar ing nagara-nagara liyané, ya iku Koréa Kidul lan Ostrali. Ing Koréa Kidul, mobil Mitsubishi dadi komponèn kendharaan dhasar saka mobil Hyundai Starex. Ing Ostrali, mobil Mitsubishi Delica génerasi papat ana loro jinisé, ya iku kargo lan penumpang. Mobil kang kanggo kargo uga kasebut Mitsubishi Express lan mobil kanggo penumpang kasebut Mitsubishi Starwagon.[7]
Génerasi lima dadi génerasi mobil Delica kang paling kèri. Mobil génerasi lima tekan saiki isih diprodhuksi. Mitsubishi Delica ing génerasi iki metu ana ing pasar taun 2007. Modhèl mobil ing génerasi lima ya iku mobil mini van kang diarani Delica D5. Mobil kuwi mau metu kapisan ana ing tanggal 31 Januari 2007. Ing Indonésia, mobil Delica D5 wiwit lumebu ing Indonésia taun 2014 lan mobil-mobil kuwi asil impor saka Jepang. Delica D5 taun 2018 duwé interior kang luwih apik, canggih lan modhèren tinimbang génerasi liyané. Mobi Delica D5 kursi cacahé 6 kang modhèlé pisah. Ing njero mobil ana tèknologi rémot kang bisa digunakaké kanggo AC lan pindhah gigi.[8]
Mitsubishi Delica teka kapisan ing Indonésia nalika taun 2014 déning PT Mitsubishi Motors Krama Yudha Sales Indonesia. Nanging, nasib mobil Delica ing Indonésia ora apik amarga panjalukan pasar ing Indonésia kang kurang apik kanggo mobil iki. Wiwit taun 2017, badhan usaha Mitsubishi Motors ing Indonésia wis duwé wacana yèn ora nglakokaké impor mobil jinis multiguna van (MPV) iki manèh. Taun 2015, setaun sawisé mobil Delica diimpor ing Indonésia, mobil jinis iki didol cacahé 404 unit. Taun-taun sawisé, masarakat kang kepincut marang Delica saya suwé saya sithik lan Delica ming kadol cacahé 100an unit mobil.[9]
PT Mitsubishi Motors Indonésia wiwit mandeg nglakokaké impor mobil Delica ing taun 2017 amarga saya suwé ora ana kang kepincut marang mobil iki. Miturut data, kang kepincut lan gelem tuku mobil Delica saya sithik.[9] Sasi Januari taun 2018, prodhusèn mobil Delica ing Indonésia mung bisa ngadol mobil Delica cacahé 25 unit lan ing sasi Pèbruari mung bisa ngadol cacahé 1 unit mobil.[10]
Taun | Jepang | Filipin | Taiwan | China |
---|---|---|---|---|
1995 | 109,930 | n/a | n/a | |
1996 | 88,978 | n/a | n/a | |
1997 | 69,495 | n/a | n/a | |
1998 | 34,614 | n/a | n/a | |
1999 | 17,758 | n/a | n/a | |
2000 | 28,242 | 2,918 | 8,125 | |
2001 | 12,965 | 2,079 | 5,133 | 690 |
2002 | 17,456 | 2,925 | 4,192 | 600 |
2003 | 13,011 | 3,529 | 5,166 | 13,710 |
2004 | 16,432 | 2,826 | 3,862 | 16,074 |
2005 | 16,444 | 3,685 | 2,315 | 5,960 |
2006 | 16,041 | 3,992 | 1,160 | – |
2007 | 14,824 | 4,580 | 1,115 | – |
(Sources: Facts & Figures 2000, Facts & Figures 2005, Facts & Figures 2008, Facts & Figures 2010 Mitsubishi Motors website)
{{cite journal}}
: Cite journal requires |journal=
(pitulung)