Muhammad bin Sirin ya iku salah siji ulama saka golongan tabingin. Jeneng pepake Muhammad bin Sirin al-Anshari Abu Bakar bin Abu Amrah al-Bashri. Dilairake ing 2 taun pungkasan paprentahane Umar bin Khaththab, ana uga kang nerangake 2 taun pungkasan paprentahane Utsman bin Affan.Aadz-Dzahabi luwih sarujuk panemu sing keri amarga ibnu Sirin pancen luwih enom tinimbang Hasan al-Bashri. Dene sedane ing taun 110 H, satus dina sawise Hasan al-Bashri seda.[1]