Nadjib Riphat | |
---|---|
![]() Riphat in 2010 | |
Ambassador of Indonesia to Australia and Vanuatu | |
Wiwit linggih October 2012 | |
Présidhèn | Joko Widodo |
Kang sadurungé | Primo Alui Joelianto |
Deputy Minister of the Ministry of Political, Legal and Security Affairs | |
Linggih 2010–2012 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Ambassador of Indonesia to Belgium, Luxembourg and the European Union | |
Linggih 2006–2010 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Medan, Indonesia | 23 Maret 1953
Parté pulitik | non-partisan |
Sisihan | Nino Nasution Riphat |
Anak | Nindia Riphat Nisa Riphat |
Almamater | Padjajaran University |
Nadjib Riphat Kesoema (lair ing Medan, Sumatera Lor, 23 Maret 1953; umur 71 taun) ya iku salah sijiné diplomat lan duta besar Indonesia kanggo Australia lan Vanuatu. Dhèwèké wis nampa pangaji kabudayan saka nagara Bèlgi ya iku Chevalier d'honorarium (ksatria) saka Haute Confrerie Royal du Noble Corcieli Kota Oostende kalebu The Order of St. Gregory the Great II-Tahta Suci déning Paus Yohanes Paulus II.[1][2][3]
Dhèwèké naté njabat minangka Wakil Mantri Koordinator Babagan Pulitik, Hukum lan Keamanan saka taun 2011 nganti tekan 2012, lan uga duta besar Indonesia kanggo Uni Eropa, Bèlgi lan Luxembourg awit taun 2006 nganti 2010.
Taun 2013, sawisé anané tuduhan nguping tilpun déning pamarintah Australia tumrap para punggawa nagara ing Indonesia, Nadjib énggal-énggal ditimbali minangka wujud protesé pamarintah Indonesia. Nayakotama Australia, Tony Abbott wiwitané ora gelem njaluk pangapura utawa mènèhi pratelan babagan kedadeyan kuwi, awit saka tudhuhan saka Présidhèn Republik Indonesia Susilo Bambang Yudhoyono sing nganggep dhèwèké "gawé rèmèné" Indonesia.
Nadjib Riphat Kesoema lair ing Kutha Medan, Sumatera Lor, tanggal 23 Maret 1953. Dhèwèké ngrampungké ing pawiyatan luhur Universitas Padjajaran ing taun 1975 ing Jurusan Psikologi Pulitik.
Nadjib lumebu ing Kementerian Luar Negeri Republik Indonesia saka kalangan pawiyatan luhur. Antarané taun 1986 nganti tekan 1989, Riphat ngayahi jejibahan minangka sebagai Sekretaris Pertama Urusan Pulitik Luar Negeri ing Kedutaan Besar Indonesia Oslo, Nurwègen.
Nadjib Riphat naté nampa pangaji Chevalier d'honorarium (knight) saka Haute Confrerie Royal du Noble Corcieli of the City of Oostende
![]() | Artikel biografi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |