Namnam | |
---|---|
Godhong | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae |
Génus: | Cynometra |
Spésies: | C. cauliflora |
Jeneng binomial | |
Cynometra cauliflora L. |
Namnam duwé jeneng élmiyah Cynometra ramiflora utawa Cynometra bijuga ya iku wit taunan saka kulawarga Leguminoceae. Wit iki dhuwuré bisa nganti 30 mèter lan dhiamèter galihé 60 séntimèter. Galihé silindhris lan wernané soklat enom. Godhongé majemuk werna ijo tuwa. Kembangé wena abang. Wohé werna soklat. Ing basa Indonésia uga sinebut kanthi jeneng kopi anjing.[1]
Kembang Namnam diprodhuksi saben sasi Agustus. Déné wohé mateng ing sasi Oktobér. Pasebaran wiji direwangi dening kalong. Tuwuh ing alas bakau. Indochina, Pasifik nganti Australia.
Kayu Namnam kanggo piranti wangunan, piranti gawé kagunan[2] lan tetanduran hias.[3]