Nyi Ageng Serang utawa Raden Ajeng (RA) Kustiyah Wulaningsih Retno Edhi.[1] Dhèwèké putri pangeran Natapraja, panguasa tlatah Serang, tlatah terpencil ning karajan Mataram, Jawa Tengah.[1] Pangeran Natapraja iku panglima perang Sultan Hamengkeu Buwono 1 kang bergelar panembahan Serang.[1] Kustiyah awit cilik wus meluni bapané perang ngelawan Walanda.[1]
Lair ing Serang, Purwodadi, taun 1752.[1] Tilar donya ing Yogyakarta, ing taun 1838.[1] Disarekaké ing Beku,Kalibawang, Kulon Praga.[1] Sawisa bapané ninggal dunya amarga lara.[1] Kustiyah nggantikaké bapané dadi junjungan ing laladan serang lan duwé gelar Nyi Ageng Serang.[1] Sasuwené mimpin sarta dadi ahli srategi perang ngelawan para panjajah Walanda, Nyi ageng dikenal cedhak karo rakyat-rakyate.[1] Dhèwèké asring bantu kasukaran masarakat, mbagi-mbagi pangan.[1] Nyi ageng, asring migunakaké strategi perang marang panjajah Walanda kanthi cara meneng-menengan, nganggo taktik utawa strategi perang gerilya.[1] Nalika Perang Diponegoro, Nyi Ageng Serang kaliyan Raden Mas (R.M) Pak – Pak, mantuné lan wadyabala Natapraja kanggo nglawan para panjajah Walanda.[1] Nyi ageng kang umuré wis tuwa iku (73 taun), nyerang para panjajah ning dhuwuring tandu.[1] Nalika nyi Ageng Serang nyudai anggoné dadi pamimpin perang, parjuangan saterusé dilakoni déning mantuné, R.M. Pak-Pak.[1]
Nyi Ageng Serang tilar dunya ing umur kaping 86 taun ning tlatah Serang, sanajan ditinggal déning Nyi Ageng Serang tlatah mau tetep merdeka.[1] Ing taun 1833, pamarintah Walanda, mènèhi panghargyan lan tunjangan nganti 100 gulden kanggo dina tuané Nyi Ageng Serang.[1] Nyi Ageng punika sajatiné katurunan saka Sunan Kalijaga.[1] Dhèwèké uga duwé putu kang dadi pahlawan uga.[1] Ya iku R.M. Soewardi Surjaningrat utawa lebih kondhang karo jeneng Ki Hadjar Dewantara.[1] Nyi Ageng Serang disahaké dadi Pahlawan nasional, Présidhèn RI No.084/TK/1974.[1][2][3]
Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |