![]() | |||
Jeneng dawa | Persatuan Bal-balanIndonésia Semarang | ||
---|---|---|---|
Paraban | Warak ngendok Laskar Mahesa jenar Laskar Pandanaran | ||
Yasa | 18 Mèi 1932 | ||
Setadhiyon | Jatidiri & Citarum,Semarang,Indonésia. | ||
Momotan | 40.000 | ||
Panglatih | ![]() | ||
Liga | Liga 1 | ||
2023-2024 | ke-6 | ||
|
Persatuan Bal-balan Indonésia Semarang utawaPSIS Semarang yaiku klub bal-balan kang duwé markas ana ing Kutha Semarang, Indonésia kanthi stadion kang jenenge Stadion Jatidiri Semarang.[1] Jejuluk kanggo klub iki yaiku "Laskar Mahesa Jenar".[1] PSIS Semarang yaiku klub pisanan ing Liga Indonésia kang tau dadi juara Divisi Utama taun (1999) lan banjur degradasi menyang divisi I ana ing mangsa sabanjuré yaiku taun (2000).[1] PSIS bisa dadi juara ana ing kompetisi Divisi I nasional (2001), lan bisa main ana ing Divisi Utama Liga Indonésia.[1] PSIS Semarang uga kacathet dadi klub nomer telu kang tau dadi juara ing Liga Perserikatan lan Divisi Utama Liga Indonésia, sawisé Persib Bandung lan Persebaya Surabaya.[1]
Sajarah tim bal-balan kutha Semarang iki ana wiwit jaman dhisik nalika Kutha iki isih ana ing panguwasane pamaréntah kolonial.[2] Kang pisanan kacathet yaiku tim bal-balan UNION kang dibéntuk tanggal 2 Juli 1911. UNION dhéwé yaiku sebutan kanggo tim kang duwé jeneng Tionghoa Hoa Yoe Hwee Koan.[2] Tim iki éntuk hak rechspersoon taun 1917 saka pamaréntah kolonial.[2] Sabanjuré uga ana tim kang jenenge Comite Kampioens-wedstrijden Tionghoa (CKTH) kanthi gedung ulah raga ana ing wewengkon Seteran.[2] Nalika taun 1926 tim iki maleh jeneng dadi Hwa Nan Voetbalbond (HNV).[2] Kacathet klub Hwa Nan iki wis tau main lawan tim saka manca yaiku tim saka Taiwan, Loh Hua Team Voetbalbond.[2]
Pratélan pangaji PSIS Semarang.[2]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |