KGPAA Paku Alam VI | ||
---|---|---|
![]() Raja Pakualaman. | ||
Miyos | Yogyakarta, 9 April 1856 | |
Séda | Yogyakarta, 9 Juni 1902 | |
Jabatan |
Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Paku Alam VI (Hanacaraka: ꦑꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂꦪꦦꦏꦸꦄꦭꦩ꧀꧇꧖꧇) dipuncekak Paku Alam VI miyos ing dinten Kamis Legi 4 Ruwah 1784 utawi 9 April 1856.[1] Piyambakipun dipunangkat dados Kepala Kadipatèn Pakualaman ing dinten Kamis Pahing 21 Besar 1830 utawi 11 April 1901 kanthi sesebutan KGPAA Paku Alam VI.[1] Nalika semonten, yuswanipun piyambakipun sampun 45 taun.[1] Nalika dados Kepala Kadipaten, Paku Alam VI gadhah pangarep-arep manawi putra mbajengipun inggih punika BRMH Surarja utawi Paku Alam VII saged nggantosaken kalungguhan Sri Paku Alam VI.[2] Pramila, Paku Alam VI paring wejangan pendhidhikan kilèn déning Paku Alam VII.[3]
Paku Alam VI séda sadèrèngipun Paku Alam VII dipunangkat dados Kepala Kadipatèn Pakualaman.[4] Paku Alam VI séda ing dinten Rebo Legi 2 Rabiul akir 1832 utawi 9 Juni 1902.[5] Paku Alam VI mangku kalungguhan dados Kepala Kadipatèn Pakualaman namung 14 sasi kémawon.[3] Nalika séda, yuswanipun piyambakipun taksih 46 taun langkung sakedhik.[4] Paku Alam VI dipunsarékaken ing pasaréyan Giriganda sesarengan bapakipun, inggih punika Sri Paku Alam V.[5]
Paku Alam VI patutan putri ingkang cacahipun sanga, inggih punika:[4]
Dipunrumiyini déning: Paku Alam V |
Raja Kadipatèn Pakualaman 1901 - 1902 |
Dipunlajengaken déning: Déwan Urusan Babagan Pakualaman |