Parijatha | |
---|---|
Woh parijatha | |
Klasifikasi ngèlmiah ![]() | |
Karajan: | Plantae |
Klad: | Tracheophyta |
Klad: | Angiospermae |
Klad: | Eudikotil |
Klad: | Rosids |
Ordho: | Myrtales |
Famili: | Melastomataceae |
Génus: | Medinilla |
Spésies: | M. speciosa |
Jeneng binomial | |
Medinilla speciosa Reinw. ex Blume | |
Sinonim | |
|
Parijatha (Medinilla speciosa) ya iku tuwuhan mrambat kang duwé sipat épifit ing genus Medinilla, kulawarga Melastomataceae. Spésiès liya ya iku Medinilla myrianth uga kalebu diarani parijatha. Medinilla myriantha ora mrambat lan dhompolan wohé luwih gedhé.
Génus iki dijenengi saka jeneng J. de Medinilla, gubernur Kepuloan Mariana ing taun 1820.
Tuwuhan parijatha dhuwuré udakara 45–60 centimetres (18–24 in). Tandurané rupa kekayon cilik lan godhongé tansah ijo. Kembangé sadhompol cilik-cilik werna jambon semu ungu. Pentilé werna jambon déné nalika wis tuwa banjur dadi ungu.
Parijatha bisa ditemokaké ing Kalimantan, Jawa, lan Filipina.
Parijatha urip ing laladan kang dhuwuré watara 300 metres (980 ft) lan 750 metres (2,460 ft) saka sagara. Ing Jawa, parijatha bisa ditemokaké ing Gunung Muria lan akèh kang adol ing sakiwa tengen pasaréan Sunan Muria ing Kudus.[1]
Woh Parijatha ngandhut kardenolin, saponin lan flavonid kang bisa dadi sumber antioksidan lan bisa kanggo sarana nambah kasuburan tumrap pasangan kang durung diparingi momongan.[2] Ing adat Jawa, rujak parijatha kalebu syarat kanggo wong kang nganakaké upacara tingkepan."
{{cite news}}
: External link in |work=
(pitulung)[pranala mati permanèn]