Pelem kecik

Mangga Pari
Buah mangga pari,
Palabuhanratu, Sukabumi
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Sapindales
Famili: Anacardiaceae
Génus: Mangifera
Spésies: M. laurina
Jeneng binomial
Mangifera laurina
Blume, 1850
Sinonim
Mangifera longipes Griff., 1854
Mangifera parih Miq., 1859
Mangifera sumatrana Miq., 1859

Pelem kecik sing duwé jeneng èlmiyah Mangifera laurina Blume ya iku wit taunan saka kulawarga Anacardiaceae. Ing basa Indonésia, tetanduran iki sinebut uga mangga pari. Wit iki dhuwuré bisa nganti 35 mèter lan dhiamèter galihé 150 séntimèter. Galihé silindhris werna soklat kairengan lan teksturé kasar, Godhongé tunggal lansèt werna ijo kanthi pucuké lancip. Kembangé werna ijo kaputihan nganti kuning pucet. Kembang iki kasusun ana malai lan arum gandané. Wohé werna kuning lan duwé daging buah sing kandel. Wohé rasané kecut lan dadi legi nalika mateng. Ing jeroné ana wiji sing gedhé.[1]

Ékologi

[besut | besut sumber]

Pelem kecik bisa tuwuh ana ing tlatah tropis ing alas pamah. Wit iki bisa tuwuh ing lemah kang dhuwuré 900 mèter ing dhuwur samodra. Wit iki bisa tuwuh kanthi wiji. Semenanjung Thailand, tlatah Malesia nganti Papua Nugini. Tetuwuhan iki uga duwé jeneng liya ya iku empelem (Kalimantan), mangga parih (Sunda), empelan dotan, mangga tiakar, pauh gadang (Sumatra) lan pauh pong (Flores). Ing nagara liya uga duwé jeneng liya kaya ta mangga ayer (Malaysia), mamuang kaleng (Thailand), apali (Filipina).[2]

Wit pelem kecik

Wit pelem kecik bisa tuwuh ing pekarangan dadi eyup-eyup. Woh sing mateng bisa langsung dipangan utawa bisa uga digawé jus. Pelem kecik uga bisa dirajang lan didadèkaké rujak.[3]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Lestari, Reni dkk. (2017). Koleksi Tumbuhan Buah Kebun Raya Katingan. Jakarta: LIPI Press. kc. 23. ISBN 978-979-799-896-7.
  2. "Mangga pari". mangga-pari.scholarship.web.id. Dibukak ing 2020-04-02.[pranala mati permanèn]
  3. "Mangifera laurina - Useful Tropical Plants". tropical.theferns.info. Dibukak ing 2020-04-02.