Rakhi Sawant | |
---|---|
![]() | |
Lair | Neeru Sawant 25 Novèmber 1978 Badarpur |
Jeneng liya | Rakhi Sawant |
Pakaryan | Dancer, Actress |
Taun aktif | 1999 – present |
Rakhi Sawant (राखी सावंत) lair tanggal India.[1] Dhèwèké anak saka pasangan Jaya Bagdi lan Sawant, pulisi ing Kantor Pulisi Worli.[1] Sawant mbiyené sekolah ing SMA Golklibai ing Ville Parle, Mumbai kang nuli nerusaké sekolahé ing Mithibai College.[1] Dhèwèké iku sadhulur enimé sutradara Rakesh Sawant lan aktris Usha Sawant.[1]
25 Novèmber 1978 . Dhèwèké iku aktris sakaSasuwené sekolah ing SMP, dhèwèké ditawani njupuk pérangan ing pertunjukkan jogèd ing filem JORU KA GHULAM.[1] Nuli dhèwèké olih kawigaten luwih ing filem CHURA LIYAA HAI TUMNE. Ing filem mau dhèwèké nampilaké Mohabbat hai mirchi.[1] Dhèwèké uga metu ing filem-filem liyané, kaya MAIN HOON lan DIL BOLE HADIPPA![1]
Sadurungé dhèwèké tau njalin sesambungan karo Abhishek Avasthi lan njupuk pérangan ing filem kang judhulé NACH BALIYE 3.[1] Nalika Juni 2006, Mikha Singh, ya iku musisi, konangan ngambung dhèwèké ing acara ulang tauné kang pungkasané dadi omongan ing médhia.[1] Nalika taun 2010, Sawant ngluncuraké acara reality showné Rakhi Ka Swayamwar. Ing acara mau, dhèwèké ngrancang seleksi calon garwané ing mangsa ngarep.[1]
Ing taun 2011, dhèwèké kang seneng karo Baba Ramdev, mutusaké kanggo ngundhang ing acarané.[2] Dhèwèké seneng lan duwé gegayuhan ngawini Baba Ramdev[2] amarga Baba duwé weteng kang rata lan fisiké kang apik.[2] Amarga omongané mau, dhèwèké dikira guyonan karo publik.[2]
Kang tau dibintangi Rakhi Sawant[1]:
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Rakhi Sawant. |
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |